Selasa, 01 Maret 2011

#bojoimpen

Nah mbengi kiye nyong arep crita bab bojo. Uwis pada nduwe bojo urung?? Nek urung ya kawus. hehe. Sing jenenge nggolet bojo kue gampang-gampang angel Di omong gampang wong wadon / wong lanang kue akeh,pirang-pirang, masa mung siji thok ora olih si?? Melas temen. Di omong angel, genah ora kena sembarangan, mergane bojo kue sepisan seumur urip. Dadi kudu temenan goli nggolet ora kena sembarangan,ora kabeh bisa cocok,ora kabeh bisa sreg.

Bojo sing pas karo ati kue sing jenenge #bojoimpen alias bojo impian.




Tek nyetel lagu disit lah #sikingrungokna : Ungu : Neng Kene Nggo Kowe


Nah siki tek jabarna keprime sih nggolet #bojoimpen kue??
  1. Nggolet bojo sing biasa bae. Biasa nggawa mobil, biasa tuku lemah.
  2. Nggolet bojo ora usah ayu/ngganteng pisan, sing penting patut di gawa kondangan, ora ngisin-ngisina (kaya rika sing maca)
  3. Bojo kue sing penting pengertian. Ngerti nek butuh umah, ngerti nek butuh sandangan apik, ngerti butuh kendaraan.
  4. Nduwe bojo sing penting ngregani. Ngerti rega lemah sepira, rega umah sepira, rega lemari,tv sepira, rega mobil sepira, kudu teyeng ngregani lah pokoke.
  5. Nduwe bojo sing penting apa anane. Anane apartemen ya ora papa, anane mobil siji tok ya ora papa.
  6. Nggolet bojo kudu sing sopan nek di takoni. Nduwe umah kowe?? | Nggih | Nduwe duit akeh kowe?? | Nggih.
  7. Nggolet bojo sing penting genah. Genah arep mbojo karo wong lanang apa wong wadon.
Nah kaya kue lah contone nek arep nggolet bojo, kepenak apa gampang?? *tutupankampil.
Tek dongakna pokoke bojo impen rika pada kelakon, kayane mung semene dhisit nyong goli nulis mbengi kiye, mandan arip, tek gawe kopi disit kon mandan melek. kapan-kapan tek sambung maning. Suwun.


3 komentar: