Rabu, 30 Maret 2011

Lambe Ora Nduwe Balung

Mbengi kiye nyong arep crita bab wong wadon. Sapa neng kene sing wadon?? Rika?? sing jelas udu nyong. Nyong genah asli Lanang, nek ora percaya nyah geh di deleng dhewek. Nek weruh masa ora mlukek rika.. :)

Kaya biasane lah, tek nyetel lagu disit #sikingrungokna KOTAK : Alon Alon Bae

Wis ora usah kesuwen, nyong arep crita bab masalah wong wadon. Kiye anu olih wangsit, hasil merdukung neng Gua Petruk kebumen kana. Dadi neng dunya kiye ana 3 jenis menungsa. Nyong kuwe contone sing Lanang, Sri kuwe contone sing Wadon, siji maning Bencong kuwe contone rika kuwe sing lagi maca. Tek arani yah, sing jenenge wong wadon kuwe kaya barang neng musium (maksude unik). Kadang antarane omongan karo atine kuwe ora padha. Ya jane pada lah karo wong lanang ya doyan ndlepus. Tapi masa wong lanang ngomongi wong lanang.. Emang nyong wong lanang apakah?? #eh

Dadi kaya kiye sedulur, tek jabarna siji-siji ya, dadi nek wong wadon ngomong, artine kuwe ora pada karo sing di ucap. Contone :
  1. #NekWadonNgomong Sapa sih kowe?? Sok kenal pisan sih!! *sok ayu* #Artine Sapa mau kae yah?? deneng kenal karo nyong?? *penasaran*
  2. #NekWadonNgomong Sapa sing seneng karo kae..Nyong mung akrab soale bocahe apikan #Artine Duh cocok banget kae dadi jodohku.
  3. #NekWadonNgomong Ora papa Mas..Nyong bisa bali dhewek kok.. #Artine Mas,uwis mbengi kiye,apa rika tega nyong bali dhewekan??
  4. #NekWadonNgomong Apa ora ngrepoti rika njujugna nyong Mas..?? #Artine Lumayan, ana sing njujugna bali.
  5. 5. #NekWadonNgomong Ora papa Mas, tek enteni bae,sedela ikih *sok sabar* #Artine Cepetan!!bokonge wis kobong panas pisan ngenteni rika. *medhegel*
  6. #NekWadonNgomong Rika njujugna nyong apa ngko ora nana sing jengkel Mas?? #Artine Mas,rika uwis nduwe pacar urung sih??
  7. #NekWadonNgomong Urung nduwe Mas,urung ana sing gelem karo aku koh Mas.. #Artine Rika gelem karo aku apa ora Mas...??
  8. #NekWadonNgomong Emmm..Emmm..Emmm *lagi di tembak* #Artine Ya Ya Ya nyong gelem pisan dadi pacarmu.
  9. #NekWadonNgomong Iya sih, bocah kae pancen ayu pisan #Artine Ora bae,Pokoke Nyong Sing Paling Ayu. Titik. *metu sungune* *jengkel pisan*
  10. #NekWadonNgomong Ora papa Mas,nyong rela rika karo wong lia #Artine Jahat pisan sih rika Mas.. *nangis*
  11. #NekWadonNgomong Nyong esih kuat kok ora nana rika Mas.. #Artine Nyong ora bisa urip nek ora rika Mas..
  12. #NekWadonNgomong Duh deneng mandan atis yoh Mas.. #Artine Njaluk di ambung #eh

Nah kaya kuwe sedulur, dadi "kadang" apa sing di ucapna wong wadon kuwe ora pada karo atine. Apa kuwe ya muna apa anu isin, kuwe wong wadon sing ngerti. Njajal bae di takokna maring wong wadone langsung, paling rika di tabok pipine abang.

Sing Lanang aja seneng disit, ngko gentenan tek critakna njero atine wong Lanang, ora beda adoh karo lambene wong wadon (lambe sing ndi?? #eh #saru).

Semene bae tulisane nyong mbengi kiye, ngko tek sambung maning.
Suwun.

3 komentar:

  1. hahahaha...
    anu wis pengalaman ya jebule rikane...

    BalasHapus
  2. lah jen daplun pinter banget loh gole memprediksi.... nyong kayong krasa kya kue #jujur

    BalasHapus
  3. hahahahahahahahaha dasar DAPLUN

    BalasHapus