Rabu, 17 Oktober 2012

LDR : Lara Dewek Rasakna!

Siki nyong arep mbahas LDR. LDR : Lara Dewek Rasakna!

Ya ya, LDR kuwe Long Distance Relationship, nek bahasa Indonesiane Pacaran Karo Meteran. #loh

Pacaran adoh-adohan kuwe sing jenenge LDR.








LDR kuwe akeh sebabe, umume sih merga pacare seklohah/kuliah/umah meng luar kota dadine adoh-adohan. Sing melasi kuwe nek LDR merga pancen pacarane ora tau ketemu. Ketemune neng chatingan, smsan, bbman trus dadian. Padahal asline kaya ngapa ora ngerti. Jebule pada lanange / pada wadone ya ora ngerti. Gelem bae di lomboni foto. Melasi yah..

LDR kuwe jane menang status ketimbang jomblo. Olih predikat pacaran. Bar kuwe wisuda dadi mantan.
LDR kuwe pacaran rasa jomblo.
LDR kuwe status pacaran sing asline atine kesepian.
LDR kuwe kaya jurusan bis, antar kota antar propinsi. 
LDR kuwe kaya Olympiade, antar negara.
LDR kuwe kaya lomba kenthongan, antar Kecamatan antar Kabupaten.
LDR kuwe adoh neng mata, boros neng pulsa.


Nek di pikir-pikir sih mubah pacaran adoh-adohan. Nyekel tangane ora bisa, ambung-ambungan ora bisa. Paling ambung-ambungan karo hape. Lambene ndower nganti kepanasen nempel neng hape.
Nek malem minggu, ora beda adoh karo jomblo. Mlongo neng ngumah, mbayangna rupane pacare lagi ngapa, jebule lagi selingkuh. Jajal sapa sing bisa ngerti, lagi smsan karo kowe, jebule neng kana pacarmu lagi mesra-mesraan karo wong lia. NAH!. #racunDaplun

Trus nek lagi ribut, paling bisane ngomel-ngomel neng telepon. Arep ndupak apa ngeplak ora bisa. Paling hapene di banting, bar kuwe nangis ora teyeng tuku hape maning merga hapene bodol.
LDR kuwe gawe bimbang masalah kepastian. Pacaran adoh-adohan arep tekan kapan? Ngenteni bada kethek??


Tek wei tips nggo nglakoni LDR:
1. Kudu bisa ngatur wektu ketemu
3. Kudu duwe pulsa
4. Kudu duwe duit
4. Kudu setia
5. Kudu saling percaya
Sing paling penting, KUDU GELEM.

Mandan ribet yah nek LDR? Pancen.
LDR kuwe sangar tapi melasi. Statuse duwe pacar, tapi seringe mangan ati. #wareg

Nek bisa sih, pacaran ya aja adoh-adohan. Apa sing perek ora ana? Apa merga sing perek ora ana sing gelem yah? Dadine se anane. Ananae pacar neng kana ya kepriwe maning kudu di terima.

Tapi mending yah ketimbang jomblo, sing adoh ya ora ana sing gelem, sing perek apamaning.. #lewihMelasi


Tapi kabeh mau ya sekarepmu, arep LDR, arep pacaran, arep jomblo taunan apa arep ngapa ya sekarepmu. Ora urusan, ora urunan, ora duwe duit.

Matur nuwun..
Daplun

28 komentar:

  1. LDR kuwe akreditasi A, plun... teruji... #tsaaaah

    BalasHapus
  2. nyong putus baelah ora sida LDR.an lah hahaha

    BalasHapus
  3. asem kowe plun, blog mu apik banget yah kesinggung kiyeee #tarakdungjleb

    BalasHapus
  4. jeru plun jeruuu... [¬_ ¬!!]

    BalasHapus
  5. haha
    LDR pancen ribet.
    nyong LDR-An Jakarta-Tegal ora berumur panjang alias putus diumur 6 bulan :-(

    BalasHapus
    Balasan
    1. Ya berati miskram ya??BEHAHAHAHAHA...

      Hapus
  6. WLR aku kyeh Wetenge Lara Retung gara" LDRmu Plun,:D

    BalasHapus
  7. hahahaaaa,,,,
    gudig ya plunnn.... xD

    BalasHapus
  8. #tarakdungjleb plun! -_________-

    BalasHapus
  9. wkwkww inyonge ora wong ngapak tp bca tlsn di blog.mu yakiin bikin ngakakkk

    BalasHapus
  10. numpang nyengir bae lah, muga2 nyong ora nglakoni LDR LDRan :p

    mampir plun http://dedongkot-kotel.blogspot.com

    suwun

    BalasHapus
  11. inyong LDR cilacap-jkt. tapi tak susul maring nganah... trus kawin, anak wis kelas 1 SD siki manggon nang ibukota... keluarga kecil bahagia \(^o^)/

    BalasHapus
  12. Kesuwun plun siki nyong wis bubaran

    BalasHapus
  13. awagan nemen asli plun.. ngakak nyong maca kie. haha

    BalasHapus
  14. Terus terang, enyong tersinggung kiye, plun.

    BalasHapus
  15. Daplun pinter yakin, pinter gawe2 :D

    BalasHapus
  16. wkwk lucu.. iki nganggo boso jowo maneh haha :D

    BalasHapus
  17. dapluunn..aku LDR iki looh..pancen racun og.

    BalasHapus
  18. Kie Jane daplun waras pora yah ....hahahaha...aku mandan melu ora waras koh maca tulisanmu plun ! :p

    BalasHapus
  19. Mending dadi jomblo pluun...mampu berdiri tegak menanti cinta sejati...drpd LDR duduk termenung krn sering disakiti....wk...wk

    BalasHapus
  20. Tulisane gawe geget njungkel",,,
    Suuuuuuuu,,,,#plun

    BalasHapus
  21. Tapi pancen bener koh yakinlah.. hahaha.. (ngakak nganti wetrnge kaku)

    BalasHapus