Sabtu, 09 Maret 2013

Kimcil Nyolong Timun

Sedurunge cerita, tek wei ngerti, cerita kiye khusus nggo SUNAT+. Dadi kanggo koe pada sing urung sunat, aja maca cerita kiye. Mengko domeih wong tuamu.
Nganah bali disit njaluk sunat maring rama/biyungmu. Ngomong bae njaluk sunat gara2 kepengin maca ceritane nyong. Paling di balang clurit kon ramban suket neng sawah. #kawus.





Kimcil kuwe sejenis mahluk sing cilik, imut, lucu. Lincah, senenge mlumpat-mlumpat (meng kasur), ya lenjeh lenjeh kaya kae lah..

Dadi ceritane kaya kiye..
Pada jaman dahulu kala, ana cah lanang bagus, apik atine lan ora sombong jenenge Daplun.. (Wis ra sah protes, jenenge bae cerita, kadang ya cokan ora mesti pada karo kenyataane).
Daplun duwe Timun sing paling apik se dunya.
Timune warnane ora ijo, beda karo timun timun pada umume. Warnane coklat keemasan.

Nah timune Daplun kuwe dadi rebutan. Terutama nggo rebutan kimcil kae.
Padahal ya, timun kuwe anu spesial nggo seseorang sing di tresnani karo Daplun, jenenge Sri. Merga timune Daplun kuwe bangetin spesial, di jaga bener-bener. Di gawa meng ndi ora. Mangan di gawa, turu di gawa, nganti ngising bae di gawa.

Pada suatu hari, Daplun arep apel meng nggone Sri. Ngapel numpak becak andalane. Becak sing bisa ngebut nek bar di empani sega sepiring. NOS bae kalah bantere.
Ujug-ujug neng dalan, di adang kimcil. Kimcile ngaded neng tengah dalan, becake Daplun di adang.. Daplun nge-rem.. Tapi kelalen neng sebelah ndi rem e. Akhire becake ora bisa mandeg, kimcile ketabrak... *bruaakkkkk!!!* Kimcile MATI. Kimcile gagal ngebut Timune Daplun.

Jebule ora mung siji sing kepengin ngrebut timune Daplun. Ana kimcil liane sing kepengin ngrebut.

Pada suatu waktu, pas Daplun lagi arep dolan meng nggone kancane nggarap tugas (tetep numpak becak andalane), di adang neng wong wadon ayu.. Wadon kue kulite putih (kaya sapi), kulite mulus (kaya kecoro), matane tajam (kaya bendo), senyumane menggoda (kaya setan).

Wadon : "Mas, anu emm.. emm..." 
Daplun : "Ana apa mba? Amm emm amm emm, lagi kebet ngising apa??"'
Wadon : "Ora mas, wis ngising tembe bae. Anu mas, nyong jomblo..."
Daplun : "Wah tumben banget mba, sengertiku sih yah, nek jomblo kuwe jarang loh sing ngaku.. (kaya sing maca) #nyindirAlus. Trus arep ngapa mba nek koe jomblo?? Ya nggolet pacar nganah.."
Wadon : "Emm.. Anu.. URUNG ANA SING COCOK.. #AlibiJombloTingkatKaresidenan "
Daplun : "Ngomong bae ora payu mba, ora usah rikuh-rikuh, kaya karo sapa. Kepriwe kiye ana apa jane ngadang nyong neng dalan??"
Wadon : "Ya mas, nyong lagi ana masalah, kepengin curhat. Tapi ora duwe kanca curhat. Gelem ora mas ngancani nyong?"

Jalaran Daplun kuwe wonge apikan, seneng nulungi nek ana wong susah, ana sing butuh ya kudu di tulungi.

Daplun : "Ya wis mba, cerita ngeneh karo nyong. Ana masalah apa?? Eh tapi ceritane ora kepenak nek neng kene, sisan karo mangan ya?"
Wadon : "Wah kebeneran mas, nyong ya urung madang *mbatin YESS!*"

Daplun karo wadon kuwe mlaku nggolet tempat panganan, muter muter se-Kabupaten ora nemu panganan sing cocok, akhire di ajak wadone meng kos-kosane.

Wadon : "Arep nginum apa mas? Banyu bening? Apa kobokan??"
Daplun : "Banyu kalen sisan ya kena mba, ben modar"
Wadone : "Kiye mas, tek gawekna jus special.. Jus for you.. #eaaa"

Daplun keselen nggenjoti becak, dadi ngelak banget. Di wei wedang langsung bae, Jus se gelas di inum langsung ntong. Kaya manuk dara bandangan bar di burna adoh di wei inuman.

Ora let suwe, sirahe Daplun krasa mumet. Rasane mubeng-mubeng kaya numpak undar neng Pasar Malem.
Mlaku gentayangan kaya ebeg wuru. Akhire Daplun tiba semaput ora sadar.
Jebule jus sing di wei neng wadon kuwe banyu Ciu. Ciu sing memabukkan. Gawe Daplun modar ora sadar.

Wadone ngguyu-ngguyu ngekek kaya kuthi. Trus malik wujude dadi Kimcil.
Terus timune di bedul. Di colong di gawa mlayu. Timune Daplun berhasil di colong neng kimcil kuwe.

Esuke Daplun tangi, trus sadar. Jebule neng Gang Sadar. Daplun kaget. Trus niliki ngisor..
Waduh TIMUNKUUUUUU DI COLONG KIMCIIILLLLL....!!!!

Daplun emosi, galau. Trus ngetwit #eh.

Daplun bali ngumah lesu, lemes, ora gairah. Becake bae di tinggal lunga ora kepikiran.
Padahal timun kuwe special nggo Sri. Kepriwe kiye, soale timun kuwe nggo syarat nek arep dadi bojone Sri.
Daplun bingung, Daplun galau. Trus ngetwit. #eh

Sedurunge timun kuwe ketemu, Daplun ora bisa mbojo karo Sri.
KIMCIL KURANG AJARRR..!!!

Nah, kaya kuwe ceritane. Tekan siki Daplun esih mubeng-mubeng muteri Sewu Kutho (kaya Didi Kempot) nggoleti timune sing ilang di colong Kimcil. Demi mbojo karo Sri.
Dongakna ya sedulur, semoga timune Daplun cepet ketemu. Ben bisa cepet mbojo karo Sri.

#RAMPUNG

*Cerita ini hanya fiktif belaka. Jika ada nama yang sama, kuwe ya jeneng pasaran. Jika ada kejadian yang sama, kuwe ya deritamu"

Matur Nuwun
Salam Ngapak. Ora Ngapak Dupak.
ttd Daplun.

24 komentar:

  1. hahaha cerita nggo Sunat+ yaa plun tirr

    BalasHapus
  2. sering sering baae gawe cerkak plun ( cerita cekak )

    BalasHapus
  3. nyong ngakak guling2 plun..

    BalasHapus
  4. Kode banget ceritamu plunnn ...

    BalasHapus
  5. terus daplun siki dadi pengendali kimcil #eh

    BalasHapus
  6. lucu plun haha

    sering2 bae gawe cerkon plun haha (cerita konyol)

    BalasHapus
  7. ceritane kayong rada rada njrembet setitik plun.. hahaha tapi lucu. di enteni maning plun...

    BalasHapus
  8. nek ora ngapak dupak sisan !!!
    timune wes ketemu durung yak plun ?

    "nyong karo rika tuli sedulur"
    #silaturrahimmlakuterus

    BalasHapus
  9. yakin critane apik banget,....

    BalasHapus
  10. Apik um, melu ngekek maca ceritane :))

    BalasHapus
  11. wakkaka ana ana bae plun, geget pisan aku wakakka

    BalasHapus
  12. wakakakakak,,,,aku maca critane njenengan mesem2 dewek. Apik temenen kie lik....

    BalasHapus
  13. Heeehhhh???? Σ( ° △ °|||)︴

    BalasHapus
  14. Dadi kebelet ngising karo ngetwit #ehhh

    BalasHapus
  15. Pancen kimcil kuwe nangendi2 kurang ajar

    BalasHapus
  16. mandan wagu sihh , ya mandan tek kewes kewes baeee men mandan kewess

    BalasHapus
  17. Kula asli jogja tp seneng karo cerpak..
    Lucu banget...tak pinjemin timunku gelem ora plun?

    BalasHapus
  18. Wingi aku weruh kimcil gawa timun.go bandul kontak motor. Mbasanu numu pluun

    BalasHapus
  19. Kue kimcil apa walang sangit, rebutan timun .. Ngomong2 kimcil kye nyong ndue lagu tentang kimcil plun.. Kye link'e : https://c2lo.reverbnation.com/audio_player/download_song_direct/25103925/32c6dc5f91b64cbb5f75fa61966ec139

    #KebumenHipHop
    #KebumenNgapak

    BalasHapus