Jumat, 05 Oktober 2012

INSOMNIA

Mbuh ngapa kayong mandan ora teyeng turu mbengi kiye. Ketimbang langka pegawean (saben dina kaya ana pegawean bae), arep apdet blog maning.

Siki nyong arep cerita bab INSOMNIA. Nah, ngerti mbok insomnia? Kae loh penyakit sing kelalen jenenge dewek, kelalen kanca, keluarga, biasane merga sirahe njebles watu apa tembok bar tabrakan.. KUWE AMNESIAAAA..!!

INSOMNIA : INyong Siki Ora Merem Ngelingna Indahe Awakmu..



Siki tek critakna disit sebab-sebab wong ora teyeng turu. Sebab wong ora teyeng turu kuwe merga matane esih melek. Lah nek turu karo melek ujar ujare jaring iwak apa..!! Ya ya ya.. mandan serius lah, kiye sebab2 ora teyeng turu:

1. Merga kakehan pikiran
Wong ora bisa turu merga kakehan pikiran. Mikiri utang, mikiri kapan duwe pacar, mikiri kapan mbojo, mikiri mantan, lan mikiri sing lia-liane. Kiye kiye sing kadang-kadang gawe menungsa galau. Tapi galau sedina ping telu, kuwe galau apa nginum obat sih?? Nah ben ora kakehan pikiran, carane uteke di dol. Ora usah kabeh, semending bae, supaya pikirane ora kakehen. #ndiasmu!

2. Merga kopi
Ora bisa turu kuwe bisa di sebabna kopi. Kopi kuwe duwe kandungan kimia (mbuh apa arane sing gawe ora bisa turu). Kepriwe deneng kopi bisa gawe ora teyeng turu?? Tek wei ngerti carane. Dadi kowe nggodog wedang panas, trus gawe kopi. Nah kopi sing panas kuwe siramna matamu. Di jamin ora bakal teyeng turu.

3. Merga sinau/nggarap tugas
Nah, kiye kiye. Nyong banget lah pokoke. Nek nyong urung turu mesti kiye sebabe. (Wis ora usah kakehan penjelasan, sing penting koe wis maca, ora usah kakekan karep. Karepe nyong nulis apa!! #emosi)

4. Merga kencot
Kiye jane sebab sing ora mutu. Nek kencot ya mangan, malah pada curhat neng twiiter apa neng facebook. Ujar ujare curhat gawe wareg ndean. Golet panganan kae neng pedangan, mbukak kulkas kae ana isine. Isi es batu ya di caplok bae ben wareg. Nek cah kosan sih andalane mesti mie godog karo ndog. #poll. Intine nek kencot ya madang, nek ora ana panganan apa nyong mikir?? Trus nyong kudu koprol karo ngomong WOW kaya kuwe??

5. Salah posisi turu
Kiye bisa dadi sebab koe ora teyeng turu, Salah posisi misale, sirahmu neng ngisor, sikilmu neng nduwur. Nah, nek posisi kaya kiye biasane sih angel turu. Salah posisi liane contone, posisi turu ora neng kamar, tapi neng WC, kiye ya biasane gawe angel turu.



Nah, nek lagi ora teyeng turu trus kepriwe carane? Tenang, tek wei tips ben cepet turu:
1. Cepetan olih pacar, nek bisa mbengi kiye kudu olih pacar pokoke. Metu ngumah, ana tukang bakso / tukang sate, tembak, jaluk dadian. Cepetan..!!
2. Olahraga. Biasane nek bar olahraga, awake kesel, dadi gampang ngantuk. Nah, koe siki metu ngumah, muteri alun-alun / GOR ping pitu. Di jamin dengkulmu linu.
3. Nginum susu. Susu bisa gawe mata ngantuk. Tapi sing akeh sih, "susu" kuwe gawe mata melek.. #uteke!. Nek ora duwe susu, jajal kowe maring kandang wedhus mburi umah kae. Peres bae susune, paling di dupak.
4. Ngrungokna lagu. Lagu bisa gawe ati tentrem, suara lembute bisa gawe ngantuk. Nek perlu studio rekaman di gawa sisan meng kamarmu sisan karo penyanyi2 ne. Ben mantep.
5. Maca buku. Maca buku bisa gawe mata kesel (lelah). Suwe-suwe ngantuk. Sing penting aja buku porno, ngantuk ora, malah sidane tuku sabun nggo ngalkun. #kode
6. Sing terakhir, nek koe kepengin turu, aja maca tulisan kiye. Nek koe esih maca, tandane koe esih urung turu.

Wis semene disit gole crita, kapan2 di sambung maning.
Kuwe mau bab insomnia. Smoga bae ana manfaate/ Kayane sih ora.
Ora urusan, ora urunan, ora duwe duit!

ttd
Daplun Singadimeja Mangkuwanitalima Wudasedaya. #makjleb


12 komentar:

  1. plun plun single mayo lahh

    BalasHapus
  2. Ana maning sing gawe ora tyeng turu. Gara2 sumuk,soale bar #ehem

    BalasHapus
  3. kae sing nomer siji, yakin manjur ora plun?

    nduwe pacar nambah ora bsa turu, kepengine es em es an bae

    BalasHapus
  4. duuuhh...mas daplun... koplak temen koe dadi wong???

    BalasHapus
  5. salam kenal lur, aq asli semarang pengen ngerti bahasa orang banjar heheheh soalnya rencana aq bakal nikah sama org banjar hehehehe salam paseduluran

    BalasHapus
  6. wis tau njajal sing nomer loro urung kang?

    BalasHapus
  7. aku tertarik dengan bahasa ngapak. aku semarang punya cowok orang cilacap :-p

    BalasHapus
  8. plun jajal uteke mandan dibenerna kuwe lah

    BalasHapus
  9. Sing tuku sabun nyindir banget yakin....mandan jero.

    BalasHapus