Selasa, 18 Maret 2014

PeHaPe

Apa kuwe PHP? Permata Hijau Purwoketo. Kuwe perumahaannnn..!!! #ngob
PHP kuwe singkatan Pemberi Harapan Palsu. Bisane? Ya, sing aweh harapan barang KW. #loh
Biasane, cah lanang sing seneng PHP meng cah wadon. Kenangapa? Soale wadone bae sing ke-GR-en. Seneng be ora koh ke-PD-en. Mulane nek ora ngerti takon. Paling di tolak. #jleb




Siki tek critakna setitik pengalaman masalah PHP.
Dadi ceritane kaya kiye...
*ngetik karo mangan mendoan*

Pada suatu hari, Daplun neng kampus lagi mlaku-mlaku. Daplun kuwe mahasiswa telatan. Kuliah jam wolu, jam sanga tembe tangi. Sidane kuliahe neng njaba kelas. Nglekor kaya mangan sega kucing.
Pas kuwe Daplun duwe adi kelas. Sebut bae jenenge Bunga. Jeneng lengkape BuNgadiman.

Merga saking rajine, Daplun di angkat dadi asisten dosen neng kampus. Wis pokoke dadi idola : ireng, dower, ala. Hahahahaaaa. Apa? Seneng koe? Ngguyu? Keplak ndase!

Biasa lah trik cah wadon, njaluk warah marang sing ora ngerti, padahal ya mung modus :
Bunga : Mas Daplun..
Daplun : Ya dek, ana apa? Kebet ngising apa? Nganah ngising neng WC bae..
Bunga : Ora mas, ngising wis tembe bae. Cewoke sing urung.
Daplun : Wadon nggilani!
Bunga : Kiye koh mas.. nyong arep takon rumus sing kiye. Kepriwe sih nyong bingung..
Daplun : Duh dek, nek di critakna bakal suwe. Kaya Purwokerto - Tegal numpak becak. Kaya kiye bae, mengko sore nyong tek meng kos mu bae ya.. #modus
Bunga : Oh ya mas, mengko tek enteni ya neng kosku..
Daplun : Ya dek, aja kelalen sediakna wedang ya. Sajen kembang pitu rupa karo menyane. (pangananeeee..!!)

Kiye arep tek critakna langsung neng kos apa critakna sedina nyong ngapa bae? Soale nyong sempet mampir nggone Sri disit jujug trasi. Kayane tah ora patiya penting yah. Dadi langsung bae..

*neng kose Bunga* Kebeneran ibu kose lagi lunga. Dadi bisa mlebu kamar kos. Biasane sih nerima tamu neng njaba umah. Ngekose neng ndi, mertamune neng ndi.
Daplun : Ehm, kepriwe dek.. *api-api watuk ben di wei wedang*
Bunga : Ya mas, kiye nyong njaluk waraih soal sing kiye. Angel pisan. *tetep ora di wei wedang* #kawus
Daplun : Ora ana sing angel neng dunia kiye dek asal dewek berusaha. *gayamu plun plun...*
Bunga : Soal sing kiye mas "Diketahui, A duwe pacar B. B duwe pacar C. Pertanyaane, kenangapa D tekan Z jomblo kabeh?
Daplun : Kiye soal apa nantang gelut dek?!!
Bunga : Lah, mbok Mas Daplun sing gawe soale??
Daplun : Oh ya yah kelalen. Maklum nek cedek karo wong ayu pikirane ora karuan.. #eaaaaa #utekmu
Bunga : Ah Mas Daplun bisa bae.. *gaplok sandal jepit*
Daplun : Dadi kaya kiye dek. A karo B kuwe payu. B kuwe payu banget. C kuwe lumayan payu nggo selingan. Nah, D tekan Z, kuwe sing ora payu banget. Kadang dunia kuwe ora adil. Nek adil, ora bakal ana jomblo neng dunia kiye. Dunia bakal sepi, ora rame pada dolanan twitter karo facebook kaya siki. #nyindirAlus
Bunga : Oh, kaya kuwe jawabane ya mas?
Daplun : Ya dek, ora ana soal sing angel. Sing angel kuwe kepriwe carane dewek bisa bersatu.. #eaaaa

Dapun kuwe pancen bocahe seneng guyon. Ngomonge cokan sembarangan.
Dasare Daplun kuwe bocah apikan, seneng aweh harapan meng wadonan. Asline sih mung nggo guyonan.

Nah, suwe Daplun karo Bunga kuwe mlaku bareng. Wis kaya kakang adi. Kakang adi ketemu gede.
Bunga mulai ana rasa karo Daplun, soale meng ngendi-ngendi bareng. Daplun ya ketone perhatian banget karo Bunga. Pokoke ora ana wong sing lewih apik lah ketimbang Daplun (jane nek di pikir sih akeh, mung ora gelem mikir bae).
Padahal Daplun sih biasa bae. Nek Bunga njaluk tulung ya di tulungi, nek Bunga njaluk adus ya di adusi. #eh
Maksude Daplun ya mung kepengin niat apik karo wong. Ora ana maksud apa-apa. Mung Bunga wis kadung tresna karo Daplun, tapi ora wani ngungkapna (ngerti dewek lah cah wadon #wisbiasa)
Masalah pacar? Daplun kuwe wis ana sing duwe. Daplun setia banget karo Sri. (soale nek selingkuh ora konangan)

Pada suatu ketika, Bunga memberanikan diri ngomong cintane meng Daplun :
Bunga : Mas Daplun, nyong kepengin ngomong 4 mata karo koe..
Daplun : Ana apa dek? Ngomong 4 mata nganggo kacamata jaran apa ora??
Bunga : Emm.. Kiye mas.. Emmm..
Daplun : Apa sih dek? Koe mencret??
Bunga : Ora mas.. Anu.. Anu..
Daplun : Anumu kenangapa dek? Ana sing nakali anumu??
Bunga : Utekmu mas! Kiye mas, nyong arep ngomong nek nyong kuwe tresna karo koe..
Daplun : Haaahhhhh??? *semaput*

Daplun semaput krungu Bunga nyatakna cintane. Lah trus kepriwe kiye nyong arep nglanjutna critane nek Daplune semaput?? Apa ngenteni Daplun sadar diri bae?? Kapan rampunge!!!

Okelah. Bar kuwe intine Daplun njawab meng Bunga. Nek Daplun kuwe mung nganggep Bunga dadi adi. Ora kurang, ora lewih. Nek lewih ya di balekna.
Bunga kecewa. Dikira Daplun juga cinta, jebule ora. Ternyata Bunga dadi korban PHP neng Daplun.
Bunga siki senenge galau. Ora bisa mangan ora bisa turu. Tapi esih urip sih untunge.

Nah, dadi kaya kuwe lah kira-kira critane. Kiye sih jane udu pengalaman yah.. Mung kebeneran bae nek critane pada.

Intine sih ya, sebab PHP kuwe antarane ana loro :
1. Lanange sing ke apiken, apa
2. Wadone sing ke GR en

Mulane nggo cah wadon, nek duwe rasa njajal wani di ungkapna. Ketimbang penasaran. Aja mung ke GR en. Mengko ngerti2 jebule dadi korban PHP.
Kanggo cah lanang, nek aweh perhatian karo cah wadon kudu ati-ati. Niate apik mengko malah di arani PHP.


Wis disit kaya kuwe bae crita wengi kiye. Kapan-kapan di sambung maning.
Nek ana salahe apa ya tek pikir? Ora urusan, ora urunan, ora duwe duit!


Matur nuwun..

Daplun



19 komentar:

  1. Nggilanii ...gemblung ora rampung2 plun ..hhhhhhh

    BalasHapus
  2. nek ora gelem diarani PHP ya aja nggombali bae mulane :v
    aja cok perhatian berlebih :3

    BalasHapus
  3. Hahahhaaa...
    RUAG KUWEH ATINE SI BUNGA(DIMAN)....

    Tek pikir2 angger nyong maca tulisane kowe, malah kaya wong kenthir... cengar cengir dhewekan Kiyeh Plun...
    Apa kowe sing kenthir yah ???
    hahahahhahaaa......
    #maen lah pokoke

    BalasHapus
  4. Melu nimbrung Kang, mumpung lagi pada ngapak

    BalasHapus
  5. Bangka kyeh wetenge...

    BalasHapus
  6. njirrr ngakak plunn, lanjutna yaa aja ngantek rampung nggole nglawak

    BalasHapus
  7. hahahaha daplun pancen manteeep ngapakeee polll nyong yaa nganti bingung gole garep ngomong ngapak.. mbok kedupak untune rika lah... (salam kompak lah yaaa)

    kie nyong wiss ngawekna gambar gambare!!!

    KLIK NANG KENE

    BalasHapus
  8. Jarku PHP kue perawan hampir punah plun
    Jane seng bener ndi???

    BalasHapus
  9. sugeng ndalu plun. bisa jaluk kontake. arep ana sing pengin tak obrolna tentang ngapak. suwun ya plun :)

    BalasHapus
  10. Permisi plun mbokan pada gelem mampir maring blog e nyong hehe "Udahlah Jomblo Aja #2" http://akimmmahesa.blogspot.com/2015/08/udahlah-jomblo-aja-2.html?m=1

    BalasHapus
  11. diiih.. jebul nya ada blog kaya kiye yah?
    lucu nemen yakin cerita-ceritane, nyong ya sampe ngguyu kemekelen.. wkwkwk.. kae ceritak na tentan curanmor owh.. curahan perasaan dan humor nggone wong banyumas, lucu-lucu yakin :)

    BalasHapus
  12. org banyumas kumpul semua di sini ^_^

    BalasHapus
  13. banene amleng ra tau posting deneng yah..tanda tanya.

    BalasHapus