Kamis, 17 Februari 2011

Galau-->Linglung-->Gemblung

Anu apa sih kue jane Galau?? mandan ora ngerti pisan jane. Sengertiku juga ya anu pada melu-melu kayane. Mbuh sing bener artine apa. Sayange kamus Bahasa Indonesia jaman SD gemiyen wis mbuh neng ngendi dadi ora bisa tek tiliki.

ngko sedela nyetel lagu disit *ceklek #sikingrungokna Scorpion : Esih seneng karo rika

Ujarku kue sing jenenge galau ya rasan sing lagi ora nggenah, nek nyong nyebute ya lagi linglung. Arep ngetan apa ngulon? arep ngalor apa ngidul?. Ora nggenah. Planga-plongo neng kamar dhewekan. Mbuh anu lagi mikiri apa. Mulane cokan tek aran Galau pada karo Linglung pada karo Gemblung. Pada-pada ora nggenah.

Jane ya olih bae arep linglung, tapi ya aja kebanjur. Urip kue akeh wernane. Rika toli pada duwe batir sing bisa mbagi rasan apa sing lagi di lakoni. Nyong dhewek ya tau ngrasakna kaya kuwe, tapi pancen nek ana apa-apa terus dhewek cerita,paling ora mandan plong. Mbuh keprime leh. Jane ya mung cerita tok tapi beda bae rasane sedurunge cerita.

Dadi nek kepengin ngerti tambane galau kue ya kudu istilahe curhat : cucur karo kupat eh curahan hati maksude. Merga karo cerita, karo kanca/wong tua sing di critani mesti bisa ngaweh saran, senajan semending wis bisa ngrewangi rasanmu sing lagi linglung kue. Dadi ora usah bingung, ora usah linglung, ajangasi gemblung. Aja galau aja linglung aja gemblung.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar