Senin, 24 September 2012

Mantan

Apa sih mantan?? MANTAN : MANdan KemuTAN.

Sing jenenge mantan, arep kepriwe bentuke, ora bisa di kelalekna. Apamaning nek duwe mantan sing ayu kaya si.. <sebagian text di pangan codot>.




Mantan kuwe macem-macem, ana mantan pacar, mantan presiden, mantan majikan, mantan copet lan mantan lia-liane. Sing tek bahas mantan pacar bae lah ya. Sing liane tah mbuh. Ora urusan, ora urunan, ora duwe duit.

Mantan kuwe bekas pacar. Maksude pacar sing wis dadi barang bekas. #eh
Mantan kuwe bekase nyong sing dadi jodohe wong lia.
Mantan kuwe jodohe wong lia sing ora sengaja tek jajal.

Jere biyungku, nek nyong duwe barang sing wis ora di nggo, lewih becik di sumbangnya maring wong sing ora mampu. Nah mulane kuwe mantanku siki wis tek sumbangna maring wong ora mampu (ora mampu duwe pacar). Itung-itung amal lah.. manut omongane biyungku. Durhaka mengko nek ora manut.

Mantan kuwe ana beberapa jenis:
1. Mantan ora nguja
Mantan sing  pas lagi pacarane anu ora niat. Nemu neng ndalan, ujug2 tiba sekang langit, eh dadian deh.. Esih kemutan bae untung. Bareng putus wis babar blas ora di pikirna.

2. Mantan tak terlupakan
Nah, kiye mantan sing bahaya. Bisa gawe galau wong se Indonesia Raya. Deleng bae kae pada curhat neng facebook/twitter ora bisa ngelalekna mantan. Pegaweane galau bae saben dina mikiri mantan. Mangan ora doyan, turu ora lali, ngising ora metu-metu, ngerti2 metu WC wis pindah negara saking suwe ngisinge.


Ben pada ora galau, tek wei tips ben bisa ngelalekna mantan:
1. Nggolet pacar maning
Kiye cara sing paling ampuh nggo ngelalekna mantan, tapi ya cara sing paling angel di lakoni. Wis suwe putus, ora olih2 gantine. Suwe banget nganti lumuten. Kaya jenang jamuren.

2. Ikhlas lan lakoni apa anane
Kiye mung ati sing bisa njawab. Jajal di celuk disit kae si Ati, njajal kon njawab.. *maksude ora kaya kuwe Plun!!*. Ya ya, maksude, ben ora kelingan mantan, dilakoni urip sing ikhlas. Sing uwis ya uwis. Aja mikiri masa lalu bae. Ibarate kaca spion kuwe cilik bentuke, nggo ndeleng mburi, esih ana kaca gede neng ngarep ben dewek maju nglakoni masa depan. *tumben bijak*

3. Jedotna sirah meng tembok
Kiye salah sijine cara, nek cara liane wis ora manjur. Sapa ngerti sirahmu nek di jeblesna tembok dadi ilang ingatan. Aja sih mantan, jenenge dewek bae kelalen.

4. Pacaran nganti kapok
Koe balikan maning karo mantanmu bae. Nek mantanmu wis duwe pacar ben bae ora urusan, nah kan koe dadi selingkuhan, ben ngrasakna sisan keprime rasane. Biasane nek wong dilarani nganti ping pindo bakalan kapok. Nek ora kapok berarti ya ndableg, cemplungna kali Serayu sisan.
Nah, nek mantanmu ora gelem di ajak balikan, kuwe deritamu lah ya. Kawus. Rasakna. Nah, wis dilarani maning neng mantanmu, esih ora kapok? Tembak maning bae nganti di tolak ping sewidak rolas.

5. Aja pacaran
Kiye jurus pamungkas ben bisa kelalen mantan. Carane kuwe aja pacaran. Nah, nek koe ora tau pacaran, ora bakal kelingan mantan. #pinterbangetnglewihiMarioTeguh


Intine sih, mantan kuwe masa lalu. Ora bisa kelalen mantan kuwe masalah lu! Trus nyong kudu ngomong WOW kaya kuwe..??!! #orasudi


Wis akeh mbahas mantan, kayane sih nek di bahas terus ora bakal ana rampunge. 
Tapi masalahe, KOE DUWE MANTAN ORA PLUN???  NAAAHHH...!!!! (huruf gede)..

Aduh lah, ujug-ujug kebet ngising kiye nyong yah.. Wis disit lah ya semene bae, nyong arep ngising disit.. Asssalamualaikum..

ttd

Daplun *lagi OTW Ngising*




20 komentar:

  1. Aja gumun nek mantanmu ora seindah dulu :))

    BalasHapus
  2. daplun bikin ane ketawa guling giling, bantal bantal, jarik jarik.hahahah

    BalasHapus
  3. aaa....kang daplun gelem ora dadi mantane nyong? :D

    BalasHapus
  4. arep garap tugas kuliah nganti ra sida2 bae, ketungkul macani bloge daplun bae. La lilah...
    Y wis teruskan plun... ;D

    BalasHapus
  5. astaga "ngising ora metu2?" wkwkwk

    BalasHapus
  6. Jan ak salah panggon! Lg antri nang bank. Ijik2 ngakakak sgelem2.Semm! Sontak kbeh sing nang kno mlirikk mgkn nang atine moni "KAE GEMBLUNG" (Maca tulisanmu kudune aja nang sembarang tempat nek tesih kpengin diarani Waras.)

    BalasHapus
  7. plun, nyong nge fans karo koe lah ya plun. entuk ora plun? ora entuk yah? yawis. *mlipir*

    BalasHapus
  8. wkkkakaakk... ngakak.. nyong baca iki

    BalasHapus
  9. takone bener kue, apa ko duwe mantan plun ? hahahahah

    BalasHapus
  10. intine ojo gumun nek duwe mantan dableg :D hhahaha

    BalasHapus
  11. jare nglewihi mario teguh ya plun?
    jal gawe acara ning katrotipi,
    "Daplun, Dalan Emas"
    bakalan lewih terkenal rika plun

    BalasHapus
  12. kerja lagi serius-serius disambi maca bloge daplun ngakak nganti ra emot gawean akeh nang kantor, hahahaa... Blog'e daplun dadi pacarku lah, aben dina gawe gemuyu :*

    BalasHapus
  13. Plun plun :* dadi pacarku gelem ora? Aku wis nembak koe bolak balik luuh

    BalasHapus
  14. hahahahaa...kye sing marekna oraa bisa ngising...eh,oraa bisa turu...Mantan Tak terlupakan plun...hahaha

    BalasHapus
  15. plun ana maning sing lewih angel dilupakna. udu mantan. udu sapa-sapa. tapi koe tresna tapi koe ora wani ngomong. geh ngomong be ora wani apa maning ngomong pas ijab kabul? aja ngasi kie koe mbojo pas ijab kabul malah gawa contoan. plis lah koe wis tua masa esi bae nyonto kaya bocah SD haha. tek dongakna kie plun :)

    BalasHapus
  16. PLUn mantane SRI sih sapa yah plun ??? , jel ngerti ora JENENGEE

    BalasHapus
  17. Plun kowe sering di dadekna mantan ya??

    Salam..superrr..
    Eh .salam ngakakk..,salam ngapak..
    Lan salam apa bae lah.
    Terutama salam kanggo mantanku siti.

    BalasHapus