Minggu, 13 Februari 2011

JODOH kue??

Mumpung lagi mbengi malem valentine, temane ya mandan nyrempet karo sing jenenge tresna-tresnaan. Nyong dhewek sih ora ngrayakna sing jenenge valentine. Ujarku sih nek arep kasih sayang ora mung sedina, ora mung sewengi tapi selawase.. Bener ora???


Sedela tek ngrungokna lagu disit #sikingrungokna Eminem ft Rihanna : Tresna Gilimu Rika Nglomboni (love the way you Lie)

Wis ora kesuwen arep cerita bab Jodoh.
  • Jodoh kue ana sing ngatur. Tapi ya ora berarti tiba *gedebug* sekang nduwur. Ya tetep kudu usaha.
  • Jodoh kue ora bakal mlayu. Nah nek mlayu tulung gagiyan di bedag, aja ngasi nyanthol karo wong lia, mengko ora sida dadi jodomu.
  • Jodoh kue wis ana pas rika lair. Nah pas rika lair,jodohmu kue umur pira?? aja-aja siki uwis kaki-kaki apa nini-nini njajal keprime?? nek ora tekan siki jodohmu urung lair, njajal keprmie??
Jodoh kue ora mung ndonga, "gusti, nek pancen kae jodohku tulung cedekna, nek pancen udu jodohku tulung di adohna, di adohna sing adoh pisan" ana maning sing ndonga tapi ngeyel , "Gusti, nek kae udu jodohku,njajal di cedekna" "Gusti, nek pancen kae udu jodohku, tulung di cek maning" ora memper.

Ndonga kue perlu,tapi mubah nek mung ndonga langka usaha. Nek rika kepengin nduewe jodoh ya nggolet kanca sing akeh, seneng dolan (dolan bener), miturut pengalame nyong dhewek, saben dolan, saben nduwe kanca anyar neng kono biasane nyong ketemu jodoh (pacar). Ya mbok pada karo rika. Mengko tek sambung maning neng kesempetan liane masalah tresno-tresnoan. Akeh kiye neng utek urung tek tokna :)

2 komentar:

  1. hahahaha :D
    Ebat . 100jempol kanggo 'ngomongngapak' :D
    Wis usaha, mung ora nemu-nemu. pribe dadi?

    BalasHapus