Rabu, 09 Februari 2011

GATOTKACA

karo nyetel lagu disit #sikingrungokna Marvells : Lagi Nglombo

GATOTKACA kue sing artine Gagal Total Kakehan Cangkem. Kue wong sing senenge omong gedhe ora ana grag-e. Istilahe ya anu umbrus, ndlepus, nyocot tok, padahal ora nana buktine. Wong kaya kue akeh pisan neng dunya kiye. Sering pisan aku nemu wong kaya kuwe. Jan gething pisan.

Jane menutue inyong tah, ora usah kakehan omong,gari dilakoni bae, nek pancen nduwe prestasi ya bakalan ana sing muji. Ora usah api-api, ora nana gunane. Nek kaya kue anane gengsian, isinan. Mengko nek kewenangan ya bakalan kisinan dhewek. *kawus

Paribasan kue mbok ya kara pari, tambah subur, tambah ndengkluk. Aja urung apa-apa wis gemagusan, kemlithak, kemlinthi. Ujare SANGAR ndean??? Sangariting..!!! *bagelwatu. Mulane dadi wong sing aso bae lah, apa anane bae, ora usah kakehan cangkem. Nek pancen kowe bagus, ya bakalan bagus ora usah ndadak di omong. Wong ora pada picek kok, nek pancen kowe apik ya bakalan di omong apik, nek kowe pancen elek ya bakalan tek omong elek (nek ora nana sing wani). *jleb

Pokoke GATOTKACA kue watek sing elek,aja pada di tiru. Ora usah kakehan cangkem, sing sekolah ya pada sekolah sing bener, sing ngode ya pada ngode sing bener. Ora usah gengsian. Dadi wong lewih apik apa anane. Matur nuwun.

nyetel lagu maning #sikingrungokna RADJA : Jujur bae maring Inyong

Tidak ada komentar:

Posting Komentar