Rabu, 23 Mei 2012

Blekberi Mesenjer

Apa kuwe blekberi? Blekberi kuwe tembelek di emberi.

Ganengan jaman uwis maju (maju untumu kuwe), pating tletek teknologi anyar hape jaman siki. Termasuk salah sijine sing jenenge Blekberi. Meh saben neng dalan, neng warung, neng kampus, nganti neng WC akeh wong pada dolanan blekberi. Nek lagi mangan, tangan siji nyekel BB, tangan sijine nyekel sendok. Keliru gole mangan, hapene sing di untal. Keselek ya kawus.






Salah siji fitur (mbuh bahasa ngapake apa) blekberi kuwe BBM : Bahan Bakar Minyak alias bensin literan sing di dol Nini Sarkem (udu kuwe ngob, BBM : Blackberry Messenger). 

Nek arep BBMan kudu tukar pin. Pin kuwe asale sekang Malaysia. Film kartun sing lucu kae. Pin I pin. #ngob
Pin saben BB kuwe beda. Ora kaya pin ATM toli kabeh wong pada, mesti pin e ******* kabeh.

Saking terkenale pin, neng twitter akeh sing majang pin BB neng bione. Jan-jane kuwe tanda saking ora payune ndean. Mbok menawa ana sing gelem nge-add trus dadi pacare. Ngarep banget. Melasi yah..

BBM bisa kanggo chattingan. Chatting kuwe tutup sega sing bahane sekang anyaman pring kae loh.. (kuwe cethiiing..!!).  Jere nek chating neng BBM kuwe gratis. Pancen sih gratis, tapi sedurunge ya kudu langganan wulanan disit. Pada bae nglombo asline. Biasa lah dewek gampang di lomboni. Tapi ya aja kebangeten gole dilomboni. Apa-apa sing ana neng BB yan kudu pinter gole nganggo. Sing pas aja kelewihen.

Nek lagi chatingan, mbuh kenangapa ana sing jenenge PING!!, kayane sih lagi etung-etungan.. PING siji, PING loro, PING telu, PING koPANG kaPING ndean.. Suwe-suwe ya PINGsan.

Ana sing nyebut blekberi kuwe smart phone (telepon pinter), tapi seringe sing nyong ngerti sih, wong sing nganggo blekberi justru ora patiya pinter. Pada ngisin-ngisini.

Kiye nyatane type pengguna blekberi:

  1. Model : Ganti foto saben 5 menit sepisan. Sirahe dig awe mereng-mereng. Mbuh uteke mereng ndean. Jane raine sih ajeg bae, kaya kuwe tok. Arep di edit kaya ngapa ya ajeg bae.
  2. Napi Nusakambangan : kiye type wong buronan, merga wedi di tangkep. Senenge gonta ganti jeneng. Awan jenenge Santo, mbengi jenege Santi. Akeh sing.
  3. Alay : Alay kuwe artine ala yah.. Ya wonge ala ndean (kaya sing maca tulisan kiye). Jenenge angel di golet, morak marik kaya raine.  Contone *4kUh im03t l0h. Mumet ndase gole maca jenenge. Fotone ya miring-miring mbuh lagi kenangapa. Uteke ndean sing miring. #eh
  4. Tukang Lapor : kerjane gawe laporan berita, kaya pak hansip sing jaga ronda. Saben-saben kirim laporan. Tapi ora nggenah laporane. Mbuh laporan apa. Nek anu ora bener donge ya ora usah di sebar-sebarna. Mandan di pikir disit sedurunge ngirim. Jere smart phone.
  5. Tukang Medeni : kiye pengguna blekbery keturunan mahluk halus ndean. Senengane medeni wong. Jere arep di udag pocong lah, ditekani kuntilanak lah, arep kiamat lah..  haduuuh ujare BB kuwe sajen ndean teyeng nekakna memedi.
  6. Sok Ngartis : senenge gonta ganti status saben menit. Status di akui, dela bae di ganti di samakan. Suwe-suwe statuse ora nggenah.
  7. Mandan Lengob : kiye mbuh pancen lengob apa anu ora ngerti. Ndi panggonan nggo jeneng, ndi panggonan nggo status di wolak-walik. Jane pada sekolah apa ora nggane..
  8. Sok Eksis : istilahe sok tenar. Neng ndi bae apdet status. OTW Monas lah, OTW Jogja lah. Ora sisan OTW Ngising di apdet sisan. 
  9. Tukang Pamer : nek lagi gaul pokoke kudu apdet. Nek lagi mangan neng restoran sing larang mesti apdet. Nek lagi mangan neng angkringan bae ora di apdet.
  10. Ora nggenah : kiya type pengguna blekberi sing jarang banget apdet. Foto karo statuse ajeg bae ora tau di ganti. Jane kuwe anu bisa nganggone apa ora yah..

Kuwe mau type pengguna blekberi. Ya ora kabeh sih kaya kuwe, tapi akeh sing kaya kuwe. #uduNyong

Mulane di jenengi smart phone kayane sih mandan ora pas. Kudune di jenengi Lengob phone bae.
Mulane kanggo sing duwe blekberi ya ora usah cokan pamer. Kadaran duwe BB duite wong tua ora usah bangga, mengko nek bisa tuku karo duite dewek tembe bangga. Ngormati juga karo sing ora duwe blekberi. Ora usah lenjeh kakehan autotext. Pada bae wong Alay kuwe jenenge.

Wis disit ora usah kakehan, nek ana sing ngrasa utawa tersinggung ya ora urusan, ora urunan, ora duwe duit. Jenenge bae Daplun

Matur Nuwun..

36 komentar:

  1. daplun anggone ngenyek jero banget wkwkwk

    BalasHapus
  2. busung lucuneee porrr!!!!

    BalasHapus
  3. aja curhat plun lah! pengalamanmu kabeh kuwe mbok??? wkwkwkwk

    BalasHapus
  4. Haha. .
    Salam knal. . Folback blog ane gan. .
    Namikazeb.blogspot.com

    BalasHapus
  5. lha type ne koe kaya ngapa plun?

    BalasHapus
  6. Hauhaaahahahhaaaa..... Bener kowe Pluuuuuuuunn.... hahahhahahahahha.....Genah iya jamane siki jan... Njeleih pisan yakin, pa maning nek lg ndlemek BBM an... jan... diceluk be budege kumat.... hahahahhahaaa....

    sing penting aja pada jotos-jotosan ya....

    BalasHapus
  7. utekke kon ana-ana bae sih? gawe mules tok kyeh ning weteng, kakean ngguyu sih..

    BalasHapus
  8. wkwkwk degle kaya sing nulis

    BalasHapus
  9. hahahha...mantep tulisane nyong setubuh kweh....

    BalasHapus
  10. Koplak lah plun... kayane kue kabeh ana neng awakmu ya?

    BalasHapus
  11. Cocog kie karo gayamu Plun! Asik :D

    BalasHapus
  12. kang daplun sing koplak lan ngganthenge ora nguwati sejagad ndunya,nyong duwe saran,
    kuwe ben keton tambah nggantheng postingane dirapikaken bae,nganggo jump break,terus kuwe chatbox-e dibenerna,nggolet sing bener li akeh :D

    BalasHapus
  13. wkwkkwkwkwkkwkkkk
    yakin lucu nemen kiye man daplun!!!!!!

    BalasHapus
  14. rika be nganggo tembelek di emberi mbok plun? wkwkwk

    BalasHapus
  15. hahahaha...
    nyong nembe weruh.
    rika nganggo hape bahan bakar minyak bli?
    :D sinau ngapak-ngapak

    BalasHapus
  16. kiyeh,nek soal blekberi nyong nduwe crita..kenang apa Indonesia ora sida ana pabrik blekberi? soale persyaratane ora disetujui karo RIM. Lha syarate nek RIM kepengin mbangun blekberi nang Indonesia kudu diganti jenenge dadi bahasa Indonesia..dadine Blackberry = Berry Hitam, lha nek Blackberry disingkat dadi BB, nek Berry Hitam singkatane BH. Lha mbok bahaya? misale ketemu cewek trus takon: "mbak Surti, nomer BH mu pira?" ya bisa dikampleng..aneh maneng nek Parto takon karo Paidi: "Paidi, nyong njalok nomer BH mu.." Paidi:" nyong saiki ora nganggo BH je..wes tak dol"
    dadi aneh dan bubrah...sukur lah blekberi ora sida mbangun pabrik nang Indonesia...

    BalasHapus
  17. Daplun kenthiiirrr....nganti geget banget kiye nyong

    BalasHapus
  18. ampuun.. plun nyong ora bsa turu gara2 maca kiye.
    gemuyu ora eling, glimpungan nganti ngedek tembelek

    BalasHapus
  19. Kang daplun nyong kei jempol pol tenane.......








    BalasHapus
  20. oalah kang daplun.
    untung nyong ra nganggo. :D
    keh, kang. nek blekberi diarani smart phone ya bener. sing nganggo lha jenenge lengob user. kaya kuwe lho.

    BalasHapus
  21. nyong ngakak terngakak ngakak kie........daplun pancen bener,emang paling TOP koe plun :D

    BalasHapus
  22. wahahaha... bener kue plun,setuju lah karo rika..
    #PaduneRaduweBB

    BalasHapus
  23. koe be nganggo bebe mbok Plun lah. cokane loh...

    BalasHapus
  24. arep kaos ngapak "blekberi (tembelek diemberi)"?
    mampir kene boss..
    http://dalbosayngapak.blogspot.com/2013/04/blekberi-tembelek-diemberi-v1.html

    BalasHapus
  25. DP BLEKBERI NGAPAK NANG KENE LUR..

    www.wongjawangapak.blogspot.com

    BalasHapus
    Balasan
    1. http://wongjawangapak.blogspot.com/2013/09/dp-bbm-jawa-ngapak-ngakak-banget-terbaru.html

      Hapus
  26. ana sing ngerti umahe kaki Dasirun sing bakul peso ora? cokan dodolan nang pasar wetan

    BalasHapus