Minggu, 09 Oktober 2011

Jawaban Daplun maring Lagu

Rasane suwe pisan nyong ora nulis blog. Akhire siki tek sempetna nggo nulis.. Sedulur.. Siki nyong arep cerita maring kowe pada mengenai beberapa hal mengenai lagu. Nek tek pikir-pikir yah lagu kuwe kan jere inspirasi sekang kejadian nyata.. Nah tapi ana beberapa lagu sing kayane koh mandan aneh tek rungu. (Jane asline ora nana pegawean temen yah mikiri lagu). Tapi yah ketimbang nganggur dolanan sabun (kaya kowe pada kuwe pegaweane) mending tek tanggapi bae sing jenenge lagu. Wis ora usah kakehan omong, kiye beberapa penjelasan lagu-lagu :






1. Melinda - Cinta Satu Malam
Walau cinta kita sementara
Aku merasa bahagia
Kalau kau kecup mesra di keningku
Ku rasa bagai di surga
[*]
Cinta satu malam
Oh indahnya
Cinta satu malam
Buatku melayang
[**]
Walau satu malam
Akan selalu ku kenang
Dalam hidupku
[***]
Walau satu malam
Akan selalu ku kenang
Selama-lamanya

[***]
Sentuhanmu membuatku terlena
Aku telah terbuai mesra
Yang ku rasa hangat indahnya cinta
Hasratku kian membara

Ngerti apa ora kowe pada lagu kiye hah..!!
Wis anggep bae rika pada ngerti. Dadi perlu tek critakna awal mula kejadian anane lagu kiye.
Pas semono nyong lagu mlaku-mlaku karo kancane neng Baturaden. Pas kuwe malem minggu. (ngerti ora malem minggu kuwe biasane pada ngapa??). Nah malem minggu kuwe kan masa2 wong pacaran yah.. Jalaran nyong kuwe nduwe jiwa sosial sing duwur, malem minggu ora tek nggo pacaran, tapi nyong rela milih dolan karo kanca-kancane. Jen apik pisan mbok.. (Padahal alasan J****O). Malah curhat.

Dadi pas nyong mlaku-mlaku neng Baturaden karo kancane.. Neng ndalan ketemu karo bocah wadon, bocahe ayu pisan. Bocah wadon kuwe katon kebingungen, kayane sih kesasar... Tek samperi bocah kuwe, tek takoni langsung ora nganggo isin (pancen ora nduwe isin). "Mba, rika kayane lagi kebingungen ana apa sih.." | "Anu nyong kayane kesasar mas.." | " Waduh kebeneran, eh, maksude kesasar keprime, umahe rika neng ndi?? | " Nyong ora nduwe umah mas.. | *semaput*

Singkat cerita nyong kenal karo bocah kuwe, jenenge Melinda (tanpa Dee). Jalaran nyong wong apikan, tek tawani dolan2 muter2 Baturaden. (Lho kancane nyong keprime??). Kancane nyong kan wis gede, tek prentah bae kon bali mbecak.. Ora urusan..

Nyong karo Melinda mandeg neng ngisor Buper Baturaden, ndeleng pemandangan meng ngisor. Sekang kono kan keton kae Kota Purwokerto (nek mendoan tah ya ora ngasi keton), mung keton lampu2ne. Indah pisan lah.. Nganti ora kerasa wis jam 1 mbengi.. Waduh.. keprime kiye yah.. (api-api mikir)

"Mel, keprime kiye arep tek juguna bali apa??" | "Duh, nek jam semene nyong di omeih bapak ibu mas.. Mending ora usah bali bae lah.." | "Horeee, eh salah, emm.. Dadi turu neng ndi kowe Mel..??" | "Terserah mas Daplun bae lah.." | "Ya wis, nginep hotel bae ya, keprime.." | "Ya mas.."

Heh, kowe macane serius temen sih..!! Uteke mesti mikir ngeres.. Huuu tek sapu sisan kowe uteke.. #iklan

Wis tekan Hotel ******** langsung check in. Tek pilih kamar sing joss lah.. ana AC, kamar mandi dalam, tapi kasure neng luar #lho. Nyong karo Melinda ngobrol sedela.. Tapi jalaran wis kesel, nyong turonan neng kasur. si Melinda melu turonan neng kasur. Nyong cah loro ora bisa berkata apa-apa.. Cah loro saling tatapan mata.. Tangane Melinda tek cekel.. rambute Melinda tek belai.. tek ambung bathuke.. Wis mulai krungu desahan napas.. Hhhhhhh... terus.. .... 
<sebagian text hilang dicolong kucing>

Nah, kaya kuwe asal mulane cerita dibalik Lagu Melinda Cinta Satu Malam.


2. Ria Amelia - Bang SMS Siapa Ini Bang
Bang sms siapa ini bang
Bang pesannya pake sayang sayang
Bang nampaknya dari pacar abang


Bang hati ini mulai tak senang

Bang tolong jawab tanyaku abang
Bang nanti hape ini ku buang
 

Bang ayo dong jujur saja abang
Bang kalo masih sayang


Kalau bersilat lidah memang abang rajanya
Tlah nyata abang salah masih saja berkilah


Orang salah kirimlah
Orang iseng iseng² lah
Orang salah kirimlah
Orang iseng iseng² lah

Mulai dari sekarang hape aku yang pegang

Kiye lagu pancen sekang pacarku. (Anggep bae bener, ora usah kakehan takon apa payu kowe Plun?? *keplak ndase sisan kowe*). Kiye pancen pacarku sing mandan posesif. Pacaran koh hawane curiga bae, sedela dela ngecek hape, pacaran bae karo Satpam kowe lah..!!! Sedela dela kon lapor, pacaran bae karo pak RT nek kepengin dilapori...!!

Geh Ria, tek aweh ngerti kowe yah.. Nyong tek ngaku pancen olih SMS kaya kuwe. Pancen ya tek akoni ana tulisane "Sayang sayang" neng SMS kuwe. Tapi tulung deh, nek maca SMS kuwe aja separo-separo. Jajal di waca sing lengkap lah.. Nyong ora selingkuh, nyong setia karo kowe, kowe bae sing ora percaya karo nyong.. 

Asal kowe ngerti sing sebenere ya Ria.. SMS kuwe isisne pancen ana kata "Sayang". Tapi nek diwaca sing lengkap kuwe monine "Sayang pulsa Anda tidak mencukupi untuk melakukan sms/panggilan. Mohon isi ulang kartu Anda" Kuweee isine kaya kuwe Ria..!! Ngerti..!!!


3. Ayu Ting2 - Alamat Palsu
kemana kemana kemana ku harus mencari kemana
kekasih tercinta tak tahu rimbanya
lama tak datang ke rumah
dimana dimana dimana tinggalnya sekarang dimana

ke sana kemari membawa alamat
namun yang ku temui bukan dirinya
sayang yang ku terima alamat palsu

ku tanya sama teman-teman semua
tetapi mereka bilang tidak tahu
sayang mungkin diriku tlah tertipu
membuat aku frustrasi dibuatnya

dimana dimana dimana tinggalnya sekarang dimana

Nah kiye ya pacarku maning.. Jenenge Ayu Ting-Ting. Dijenengi ting-ting kuwe merga esih perawan. Nek ora perawan ya dadine Ayu Tong-Tong, apa Ayu Plok-Plok ndean.. 

Geh Ayu, nyong kuwe ora maring ngendi-ngendi. Umahku ya urung pindah. Kowe nggoleti neng ngendi jane. Umahku neng Purwokerto kowe nggolete neng Ciamis. Ya ora bakalan ketemu lah. Kowe kuwe tek omongi yah, nek arep maring ngumahku mbok ya sms/telp/BBM disit sih ngapa? Kaya wong ndesa temen kowe jaman wis maju kaya kiye enggane ora digunakna teknologi jann.. Ngisin isina temen kowe lah.. Nek telpon disit kan bisa janjian neng ndi. Kowe numpak sepur apa numpak jaran ya kena. Mengko ya bakal tek jemput kok..

Wis ora usah pamer karo wong se Indonesia lah nek alamate nyong palsu. Kowe bae sing nekat nggoleti alamate nyong ora takon2 disit karo nyong. Aja ngisin-ngisina lah.. Nyong isin kiye sing dadi pacarmu. Apa kata rama biyungku mengko nduwe pacar kaya kowe.. 
Wis mengko mbengi kowe tek telpon lah.. Masalah kita aja di umbar2 maring wong lah. Tulung deh..



Nah kuwe sedulur cerita di balik lagu-lagu sing beredar neng Indonesia.. 
Jane nyong ora urusan arep lirike kaya ngapa, tapi sebagai wong sing bertanggung jawab, nyong perlu klarifikasi. Aja nganti mengko timbul fitnah lan lia-liane. Nyong isin karo rama biyungku. Terutama isin nek ditakoni "Plun kapan kowe nikah.." Curhat maning..


Ya wis ya #ngapakers semene disit ceritane nyong. Kapan kapan tek gawe maning

Salam Ngapak

ttd Dave (Davephloen)


26 komentar:

  1. plun, lagune mung ana telu tok apa?
    lagune peterpan apa syahrini, bocah koh senenge dangdutan

    BalasHapus
  2. kwkwk..gemblunk lah..tp lumayan..nyong dadi bisa ngakak...

    BalasHapus
  3. ijin share ya gan... :D :D

    BalasHapus
  4. wkkkkkk ganeng kaya kuwe jebule asal usul llagune

    BalasHapus
  5. daplun kenthir,, hahahaa

    BalasHapus
  6. wakakak dapluuuuun i lope yu :P

    BalasHapus
  7. Plun, kok ora ono lagu penomenal Hamil Duluan utawa Keong Racun plun.. :D

    BalasHapus
  8. Tukang Nggedebus yah rika,hhahaa...
    Tpi kreatip..

    BalasHapus
  9. asem koh,jebule kaya kue ya Dul...uteke rika bisa bae nyandak mengonoh yah,fufuffufuuf...........jempol loro go rika Kang!!!

    BalasHapus
  10. tukang njangan koh pinter nguprus plun?

    BalasHapus
  11. Ana-ana baen ko ya Plun...kreatif
    siap2 diomeih ming mbekAYU Tong-tong eh ting-ting.....

    BalasHapus
  12. gawe maning critane lahhh......sue temen

    BalasHapus
  13. Pancen daplun tukang nggedebus,,, adeng lucu rika plun :D

    BalasHapus
  14. Hahaha mbah daplun gemblung :D

    BalasHapus
  15. maen yakinn...
    Kembang boled, kembang ganyong
    mending nggoled, timbang nyolong

    iya ora kang.....

    BalasHapus
  16. salam super sahabat,
    tetap semangat dan sukses selalu ya
    ditunggu kunjungan baliknya :)

    BalasHapus
  17. Bahagia kie Plun maca tulisanmu sing elek (?) :D

    BalasHapus
  18. plunnnnnnn...........................manju basketan bae lah ...ben ra jenes....hahaha

    BalasHapus
  19. dadi seger pikiranku maca tulisane... nguyu terus... luwih lucu ketimbang Sule

    BalasHapus
  20. Wahaha esuk2 macani tulisanmu dadi ora ngantuk maning plun! Gudjob lah ya! Wakaka

    BalasHapus
  21. plun, lagune Ariel kro Luna Maya sih piye plun?

    BalasHapus
  22. Hehehehehe . mas daplun ijin nderek ngesare,,nggih...

    BalasHapus