Sabtu, 25 Juni 2011

#prinsipDaplun

Siki nyong arep nulis tantang Prinsip Daplun. Prinsip sih apa?? PRINSIP kuwe ya salah siji merk udud.*salaahhhh..!!!. Prisnsip kuwe ya cekelan urip. Kaya wong nek numpak koprades kan kudu cekelan, mbok tiba *apa njajal*. Kiye anu prinsipe wong dablongan.

Dadi menurute nyong kuwe, urip ora usah di gawe angel. Ora usah di gawe susah, sing penting urip kepenak. (Kepen kuwe pancen enak. *ups*)

1. Ora urusan, ora urunan, ora nduwe duit.
Kiye tek jikot kata-katane lik Samidi. Sing artine kuwe arep wong ngomong apa karo dhewek, pokoke ora urusan. Ngapa temen ngurusi wong lia, lagi ngurusi dhewek bae angel koh. Ora urunan kuwe ya cuek bebek, ora melu-melu. Ora nduwe duit kuwe ya pancen kere. Apa anane genah nyong udu wong sugih. Nek sugih ora bakalan dolanan facebook, twitter, blog. Dolanane dolanan wadon ndean. *ups*. Dadi ora usah mikiri omongane wong lia. Nyong ya nyong, rika ya rika. Nduwe pikiran dhewek-dhewek. Bener ya sukur, salah ya ora urus. Sing penting ora nyusahi wong lia.

2.Nek wani aja wedi-wedi, nek wedi aja wani-wani.
Kiye prinsipe nyong sing anti kemunafikan. Nek pancen wani ya wis maju. Maju ngeneh.. *keplak sisan*. Nek pancen ora wani ya ora usah kakehan omong neng mburi. kaya entut bae wanine neng mburi. Dadi nek ngadepi urip, ngadepi masalah, ngadepi apa bae, nek nyemplung aja sikile thok, sisan bae nyemplung se awak-awak. Teles kabeh bae sisan. Aja separo paro. Nanggung. (nanggung ya di smash *ujare badminton ndean). Pada dene karo arep nembak wong wadon. Jaman siki koh gelem temen ngenteni suwe-suwe. Nek pancen seneng ya gari ngomong, di tolak ya kuwe resiko. Ketimbang di pendem, mati bae.Nganah di pendem neng kuburan sisan. Lha sing wadon ya aja gelem ngenteni di tembak, suwe temen ora di tembak. Siki wis ora jaman ngenteni wong lanang nembak, nek pancen seneng ya gari di omong bae " Mas..keprime sih, serius ora karo nyong?? Deneng nyong ora di tembak-tembak.. Nantang gelut apa..!!!" #lho. Intine dadi wong wadon aja gelem di gantung atine, ora usah kesuwen, takoni bae kuwe sing lanang arep serius apa ora karo kowe. Nek ora ya tinggal lunga bae. Tinggal lunga numpak sepur sing banter. Intine urip aja separo-paro. Wani ya ayuh, ora wani ya ora usah sisan nggawe. Aja kakehan cangkem.


3.Nyong kaya kiye, apa anane bae.
Nah kiye prinsip kejujuran. Dadi wong kuwe ora usah kemaki, kemlithak, gemagusan. *banting sisan*. Wis urip kuwe apa anane bae. Nek kere ya ngomong bae kere, nek elek ya pancen raimu kuwe elek. *ups*. Ora usah melu-melu wong lia sing pada jere gaul. Biasa bae lah. Genah anane kaya kiye. Rika arep terima ya sukur, ora terima ya wis. Sing penting aja sombong, aja gemagus. Prinsip kiye cocok sing nggo urung nduwe pacar. Ora usah isin nek pancen ora nduwe pacar. Ngaku bae nek pancen ora payu. #lho. Nek perlu di pasang neng pengumuman desa ya kena PENGUMUMAN.. NYONG JOMBLO KIYE.. *lebay*. Ora usah isin ora nduwe pacar. Kabeh wong ya tau ora nduwe pacar. Rama biyungmu ganu, ya mesti tau ora nduwe pacar. Bener mbok??. Nah kuwe deneng siki teyeng ana kowe. Ya mesti kabeh wong ana jodone. *deneng suwe2 mbahas jomblo kiye* *treeeeeet* *ting* Balik meng topik maning, dadi pokoke urip kuwe kudu nerima apa anane. UDU ANA APANE. Kabeh wong nduwe kekurangan, tapi mesti, mestine kabeh wong nduwe kelewihan. Ora usah isin, ora usah minder. PEDE bae (Pede anu apa ora ngerti *melu-melu tok* Penthole gede ndean). Intine, nyong kiye kaya kiye, apa anane. Trima ya sukur, ora ya wis.

Nah kuwe mau prinsipe nyong, #prinsipDaplun. Urip di gawe kepenak bae. Ora usah kakehan cangkem. Ora usah kakehan mikir. Prinsipe wong dablongan. Bener ya sukur, nek ora..... Balik maning maring prinsip nomer siji. Ora urusan, ora urunan, ora nduwe duit.

Semene disit nyong nulise. Nek ana maning mengko kapan2 tek tambaih maning.

Salam Ngapak. Ngapakers.
ttd
Daplun.

9 komentar:

  1. sehati karo rika kang,wong numpang urip pancen kudune kaya kuwe, joss lah..:)

    BalasHapus
  2. Mantaps plun ijin ngopi lah hehehe

    BalasHapus
  3. bener banget plun. anu wong pacaran mbok dosa tok ya plun. temenan percaya mbok koe? senenge merusak. merusak badan wadone. merusak ati lanang. matane sliwar-sliwer nang bangjo padahal wis karo pacare. lah bosok pacaran ya plun. nek dhewek si pacaran karo sapa bae gelem ya plun? *tos

    BalasHapus
  4. Nulis maning laa, nyong seneng banget yakin maca tulisane rika. Salam ngapak, ora ngapak ora kepenak. Nyong wong Kudus. 😁👍

    BalasHapus