Selasa, 19 April 2011

Toko Matrial

Kiye sedulur nyong arep crita bae lah ya..Kayong mandan suwe ora nulis blog. Mandan kangen karo rika pada. Rika ora kangen karo nyong mbok?? Pancen. Wis ngerti nyong. *metu sungune*

Dadi kaya kiye ceritane. Jaman semono ana Wong lanang jenenge Daplun. Daplun kuwe bocahe ngganteng, kulite putih (kaya sapi), awake enem pek (six pack maksude). Tapine mbuh kenangapa koh urung bae nduwe pacar. Jane tampang ya ora kurang, dhuit ya ora kurang, kurang apa njajal?? Kurang ajar.

Si Daplun kuwe naksir karo sing jenenge Sri (jane arep njenengi Malinda Dee tapi kayong wagu pisan #eh). Sri kuwe bocahe ayu, kulite mulus (kaya kecoro), rambute dawa (kaya buntut jaran), irunge mancung (kaya pinokio). Pokoke jos lah. Mulane si Daplun seneng pisan karo si Sri..

Critane kuwe si Sri lagi mlaku, nah si Daplun kepengin pedekate, kepengin ngerti nomer hapene si Sri karo jurus lawas :
Dina pertama : si Daplun ngomong "Mba..rika nduwe obeng ora??, si Marti njawab "Mboten mas.." si Daplun ngomong maning "Angger martil nduwe ora mba??" si Sri njawab "Mboten mas..." si Daplun ya takon maning "Angger paku nduwe ora mba??" *plak* pipine Daplun di tabok neng Sri karo ngomong "Ujarmu nyong toko matrial apa yah?? Ora sisan takon nduwe semen ora, nduwe kuas ora, nduwe keramik ora???". Oalah si Daplun niate arep takon nomer hape malah barang neng toko matrial di sebutna kabeh. Ya di keplak neng Sri.

Dina ke-loro si Daplun ora nyerah, tetep usaha njaluk nomer hapene Sri. Bareng si Sri liwat maning, Daplun takon meng Sri "Mba rika nduwe obeng ora??" *plak* "Ngapa kowe arep takon barang matrial maning!!!??? Nyong ora nduwe". Oalah Daplun di tabok maning genah salah goli ngawali takon, ngerti wingi takon toko matrial, siki takon maning. Ya wis kepedhek.

Dina ketelu : Daplun mikir, pokoke aja takon awale karo Obeng. Mbok di tabok maning neng Sri. Pokoke aja takon Obeng.. Aja takon Obeng.. Aja Obeng (neng mbatine Daplun karo ngapalna mbok salah maning). Sri liwat di takoni maning "Mba rika nduwe paku,martil,semen,kuas,keramik ora??" *plak plak plak* Daplun di tabok maning langsung di tinggal lunga neng Sri.


Lah kaya kuwe pancen si Daplun, mulane nganti siki ya ora teyeng olih wadon. Wong takon nomer hape bae esih gagal. *nasib*

2 komentar:

  1. hahahahah.... salam ngapakers... nyong bangga dadi wong ngapak, soale duwe kanca kayak kang daplun... hahaha... yuh lah pada ngapak2 kmbi medang kopi kro udud... hahahaha...
    lg jalan2 ndeleng blog kie... aja klalen y mampir blogku jg, mski esh anyar, rung apik kya kie...
    kie blogku http://dynarsist-menulis.blogspot.com/

    BalasHapus
  2. WKWKWKWK.....sumpah ngakak gara-gara maca tulisane ko plun...ujarku lha serius banget jebule #koplakndase ..... kapan mudik lah ??? kabar-kabar ya...oya nyonk nduwe blog anyar ge : www.phonecampicture.blogspot.com ...
    tiliki ya....

    BalasHapus