Selasa, 08 Februari 2011

Mendhoan, mendho-mendho di pangan


Mendhoan kue mendho mendho di pangan. Asale sekang tempe sing di goreng sedurunge di glepungi. Pokoke rasane ora ketulungan. Panganan favorite inyong banget lah. Nek mangan ya jodone karo lombok cengis. Paling enak di pangan nek lagi anget-angete. Buket, nylekamin, mbleketaket.

Neng kota kaya Jakarta mandan angel nggolet sing jenengane mendhoan, senajan ana biasane rasane beda, beda karo gaweane biyunge, gaweane wong-wong kampung kana. Panganan kiye sing marekna aku kangen.Nek bali mesti kiye sing tek goleti. Kaya pangana khas kota ngapak. Tua enom, lanang wadon, mesti pada seneng panganan kiye. Ora kalah karo roti mari sing rasane legi.

3 komentar:

  1. Jan Nyong kangen banget lah panganan kiye. Nang kene Pontianak ora nana blabar blas. NEk gemiyen isih nang jakarta si nggolet nang pasar ana sing adol mentahan. Sing adol mateng ya ana tapi enak nggoreng dhewek.

    BalasHapus
  2. seseorang yang tak berhenti berharap mayo mbukak kedai mendoan bae yu lah.. neng pontianak langka tempe mendoan pancen kabeh² panganan masa di sogi jeruk.. hahahaha

    BalasHapus
  3. kie posisi admine sih neng ndi?

    BalasHapus