Sabtu, 18 Januari 2014

Galau Jaman Ganu

Saiki kan jamane wis maju. Ana henpon lan sejuta aplikasine. Ana facebook, twitter, bbm, kakaotalk, wechat, whatsup, instagram, path lan lia-liane. Meh saben wong duwe akune, tapi.. pacar siji bae ora duwe. #jleb
Neng dunia maya (udu duniane luna maya), saben-saben ana status galau. Contoh "Duh, nyong kencot.." Kencot galau. "Duh, arip tapi ora bisa turu..". Ora bisa turu galau. "Duh, kebet ngising.." Ngising bae galau. Pokoke werna-werna status galau neng dunia maya.
Jane sih sing maca statuse pada peduli ya ora, paling maca trus.. Oh biasa lah wong caper lagi galau. Jorna bae mengko toli mari dewek (mari waras). #kawus




Nyong mbayangna, kepriwe wong-wong jaman ganu (dahulu) sing urung ana teknologi nek lagi galau. Kayane susah ya arep meng-ekspresikan kegalauan. Di tahan bae kayane nganti kebet ngising.

Kiye beberapa cerita wong jaman ganu nek lagi galau :
1. Nabuh Kenthongan
Ngerti kenthongan mbok? Kae loh nek misale lagi nggawa motor, trus mogok merga kenthongan bensin.. Apa ora bisa mbayar kos merga kenthongan duit. (Kuwe ke entongaaaannnn...!!!) #ngob
Dadi critane, pas wengi-wengi, Daplun weruh Sri mlaku neng papringan karo wong lanang lia (lanang asli apa ora jane ya mbuh, wong urung tau di tiliki jenis kelamine). Daplun langsung galau. Daplun mlayu meng ngumah karo galau. Merga urung ana henpon, Daplun nabuh kenthongan.. Tong tong tong tong... karo ngorong-ngorong.. "Tulung tuluuunggg nyong galau.." Wong sing pada krungu metu umah, di kira ana maling. Jebule anu wong galau ngrusuhi warga sing lagi pada turu. Akhire Daplun digebugi warga nganti mati. #tragis

2. Curhat karo Ingon-ingonane (binatang peliharaane)
Daplun kan duwe ingon-ingonan, ana sapi, wedus kebo, baya lan lia-liane..  Saben sore Daplun angon (gembala) sapi neng lapangan. Ceritane daplun lagi galau, bingung Sri jane cinta apa ora karo Daplun. Akhire Daplun curhat karo Sapi.
Daplun : "Pi sapi.. Menurutmu Sri tresna karo aku ora yah? Aja-aja nyong mung dadi korban PHP kiye.. Sri jane gelem karo nyong ora??"
Sapi : "Mooohhhh."
Daplun emosi krungu jawabane Sapi jere Moh. Artine Sri moh (ora gelem) karo Daplun. Daplun kalut mobat-mabit nggawa arit, akhire sapine di sembeleh. Mati.

3. Gawe Candi
Ceritane cintane Daplun di tolak neng Sri. Daplun sedih banget, galau awan mbengi. Madang ora doyan, turu ora lali, ngising ora metu-metu. Pokoke ngapa-ngapane angel lah.. Akhire Daplun galau karo gawe Candi bentuk patunge Sri. Saben dina Daplun telaten gawe candi. Tapi sing di eling neng Daplun mung sikile Sri. Ora bisa gawe bentuk patunge Sri, soale bentuk raine ora apal, awake ya ora apal. Soale jaman ganu kan urung ana foro dadi angel mbayangnane. Candine dadi sih... Tapi Candi Sikile Sri. Bentuk candine malah kaya sikil tukang becak sing akeh otote. Nggilani lah.. #ngob!

4. Nyebur Laut, Nyebrang Nusakambangan
Ceritane Daplun krungu mantane arep mbojo. Padahal Daplun esih tresna karo mantane kuwe, ceritane urung bisa move on. Daplun galau, mlayu-mlayu neng pinggir pante. Weruh neng sebrang ana pulau Nusakambangan. Daplun nekat pokoke nyong arep nyebrang Nusakambangan. Nyong ora rela mantanku mbojo disitan. Nyong kudu nggolet bojo neng Nusakambangan. Akhire Daplun nyebur laut. Ngelangi meng Nusakambangan. Eh neng tengah-tengah perjalanan neng tengah laut ketemu hiu. Akhire Daplun kepangan hiu. #tragis

5. Corat-coret Neng Watu Kali.
Jalaran urung ana facebook nggo corat-coret neng temboke, wong jaman ganu ngungkapna perasaan neng watu. Dadi di ukir tulisane neng watu kuwe. Contone tulisane "Daplun lope lope so much karo koe Sri.. " + gambar godong waru. Saking suwe gole ngukir tulisane, nganti taunan neng pinggir kali.  Tekan tua mung gunane gawe ukiran neng watu. Olih Sri ora, tua tah iya. Mbuh arep dadi apa kuwe lah.. Jebule tulisane ora tau di waca Sri, merga Sri minggat tuku trasi ora bali-bali. #kiyetragisbanget


Dadi kira-kira kaya kuwe lah kepriwe nek wong jaman ganu lagi galau. Kayane sih melasi ya ceritane. Tapi kuwe kan cerita, udu kenyataane. Sing kenyataane ora payu-payu ya ana.. Sing ora bisa move on ya ana.. akeh!
Ana sing lagi galau? Nyong sih ora. Ora urusan, ora urunan, ora duwe duit!

Wis semene disit gole crita, kapan-kapan tek sambung maning.

Suwun..
Daplun


8 komentar: