Rabu, 08 Juni 2011

Tresna ala Mahasiswa

Siki nyong arp nulis bab tentang Tresna ala Mahasiswa. Dadi rika ngerti mbok mahasiswa?? Kae lho grup band nduweke Ahmad Dhani ( kuwe mahadewiiiii *adoh*). Mahasiswa kuwe bocah sing esih kuliah. Mbuh kenangapa di jenengi mahasiswa, maha kuwe gede, siswa kuwe pelajar, murid. Dadi Mahasiswa kuwe artine (ndean) Murid sing "anu"ne gedhe, anu wis sunat sih. #lho.




Sing jenenge mahasiswa kuwe doyane pacaran, jajal bae di deleng neng kampus, isine toli wong pacaran, ya ora neng kantin, ora neng perpus, apamaning neng kosan. Pada ndekem kaya ayam angrem. Mengko ngerti-ngerti meteng, gari mbojo kuiahe ora rampung. *keplak sisan*

Nah Mahasiswa kue kan akeh jurusane, ana jurusan Purwokerto - Tegal pp (kuwe tah jurusan bis). Maksude jurusan kuliah, ana Kedokteran, Hukum, Ekonomi, Tekhnik, Biologi, Peternakan, Pertanian, Bahasa lan lia-liane. Ora percaya tiliki dhewek lah neng kampus. Di deleng toli ana tulisane. (ora nana pegawean temen yah).

Wis ora usah kesuwen, kiye Tresna ala Mahasiswa :

1. Mahasiswa Kedokteran
Nembak : Menurut medical check up mau, rika positif dadi jodohku.. Ayuh pacaran..
Putus : Ngapurane lah, miturut hasil laboratorium, genetike nyong karo rika ora sesuai. Nek di gabung bisa dadi virus. Putus!!

2.Mahasiswa Hukum
Nembak : Sesuai Pasal KUHP 325 JO 25 rika kuwe jodohku.. Ayuh pacaran.. *maksa*
Putus : Rika wis nglanggar aturan Pasal KUHP 331 bab kesetiaan, rika selingkuh. Putus!!

3. Mahasiswa Ekonomi
Nembak : Miturut perhitungan ekonomi, rika mangan ping pira sedina?? Nek gelem karo nyong ora usah mbayar mangan, bakalan tek bayari *njikot kalkulator*. Ayuh pacaran karo nyong bae.
Putus : Mba..nek tek etung-etung, pacaran karo rika gawe nyong bangkrut. Antarane penerimaan karo pengeluaran ora seimbang. Putus!!

4. Mahasiswa Tekhnik
Nembak : Miturut rancanagn arsitektur, dhewek kudu mbangun pernikahan secepete. Bahan bangunan karo matrial lagi murah. Aja ngenteni dadi larang. Ayuh gagiyan pacaran..
Putus : Info BMKG, siki lagi musim lindu, bangunan sing tek bangun wis ora kokoh, terpaksane rubuh. Putus!!

5. Mahasiswa Peternakan
Nembak : Neng ilmu peternakan, ngingu sapi pirang taun bae anake akeh. Cepet sugih nek di dol. Pada karo paribasan "akeh anak akeh rejeki". Ayuh pcaran karo nyong siki.. (ujare sapi apa!!)
Putus : Kayane nyong kena virus Anthrax.. Siki mending putus bae. Putus!!

6. Mahasiswa Pertanian
Nembak : Sawah kae wis tek pacul, gari di ileni tresnaku nggo sliramu.. Gelem mbok karo nyong??
Putus : Suwe-suwe deneng rika mambu wereng yah?? Putus!!

Nah kuwe mau Tresna ala Mahasiswa, jane asline Tresna ala Boa (ala pisan). Ala ya belih. Ora urusan, ora urunan, ora nduwe duit. Jenenge bae Daplun.

Wis semene bae, wis mbengi. Arep mangkal #eh turu.


Salam #ngapak #Ngapakers

ttd Daplun

10 komentar:

  1. kok mahasiswa fisip langka ya??hhmm

    BalasHapus
  2. plun,kue mahasiswa teknike brti jurusane teknik sipil y plun?
    Lah nyong jurusane teknik elektro,kprwe jal 'tresna ala mahasiswa'ne???

    BalasHapus
  3. Plun ketemu yuh nyong pengin ngeplak koe ^^V

    BalasHapus
  4. sing putus ala mahasiswa pertanian luh melasi pisan..tega2ne ngmg mambu wereng.. =))

    BalasHapus
  5. ora terima kiye lah nyong mahasiswa pertanian koh diarani mambu wereng, ora sisan mambu tembelek wedus nggo pupuk? ^.^

    BalasHapus
  6. nek lanang wadon beda jurusan priwe kue

    BalasHapus
  7. menurut mahasiswa filsafat kie plun. durung ditulis
    nembak: inalilahi koe utekke brilian sumpah busung. bisa-bisane kabeh berhubungan. dhewek jodoh kie. "you like my soulmate" jare guru bahasa inggrise nyong. koe gelem? nyong lewih gelem. yuh lah mbojoan
    putus: alhamdulilah koe anu wong gemblung apa? masa kabeh berhubungan. jelas-jelas hubungane dhewek wis putus pedot bubar kie jare guru bahasa inggrise koe "THE END". nyong ora gelem karo koe. nganah lah nginep bae nang bangsal Sakura! wedi nyong

    BalasHapus