Selasa, 24 Mei 2011

#teoriDaplun

Ehh..malah niliki gambar.. Ora usah di deleng gambare lah. Kaya pada ngerti bae lho.. Wis gari maca bae kiye.. *keplak sisan*

Siki nyong arep crita beberapa teori sing tek gawe dhewek. Kiye anu Teorine Daplun. Arep bener ya sukur, arep salah.... ya mbut ya mbreng. Ora urusan, ora urunan, ora nduwe duit.

Ora usah kesuwen, siki tek paparna teorine Daplun maring kowe pada. Di waca....waca ora.. Colok sisan.!!! *maksa*



Teori Kutang :
  • Tresna kuwe kaya kutang, adoh neng mata perek neng ati.
  • Tresna kuwe kaya kutang, kudu bisa njaga lorone aja nganti ucul. (mbok ana sing nutur)
  • Tresna kuwe kaya kutang, bisa njaga kudu seimbang, aja nganti njomplang, bisa bahaya (mengko gedhe cilik #eh)

Teori Cawet
  • Tresna di tolak kuwe rasane kaya kuplukan cawet. Isin pisan.
  • Tresna di terima kuwe rasane kaya ora nganggo cawet. Adem. Silir.. Hmmm... (lemud pada semaput)
  • Nduwe pacar selingkuh kuwe rasane kaya cawet tritipen, rasane pengin tek buang blumbang, siram latung, obong. (sing ora ngerti cawet tritipen kuwe cawet sing wis lawas, sing wis ana bintik-bintike, ngerti??)
  • Pacaran ora di restui kuwe kaya nganggo cawet bahane jeans keciliken, seret, pega, ora teyeng ambekan (adine *ups*)

Teori Entut
  • Pacaran kuwe kaya entut, anget rasane, bar kuwe di ambung *ups* (ambung-ambungan)
  • Tresna kuwe kaya entut, di tahan ora kepenak, bareng di uculnya lega pisan..
  • Pacar nyebeli kaya entut, di tahan gawe lara, di uculna pada reang.. *bagel watu sisan*
  • Selingkuh kuwe kaya entut, wanine neng mburi, nek kewenangan mambu ora gelem ngaku.

Teori Upil
  • Pengecut kuwe kaya upil, wanine umpetan neng ngisor meja.
  • Mantan kuwe kaya upil, semangat banget pas lagi nggolet, bareng wis olih gari di buang.

Teori teori liane
  • Tukang gosip kuwe kaya tukang becak, wanine ngomong neng mburi. (njajal ngomong neng ngarep, ya gentenan nyong sing dadi tukang becak jenenge.. #lho)
  • Pacar cerewet kuwe kaya kucing kawin, reang bae mbrisiki tanggane *bagel srandal*
  • Pacaran ora cipok kaya ngising ora cewok.

Ya kuwe mau beberapa Teorine Daplun, wonge gemblung ya pancen, ngganteng ya ora patiya.
Semene disit goli nyong nulis, kapan-kapan tek sambung maning.Suwun.

Salam #Ngapak #Ngapakers

16 komentar:

  1. qaqaqaqaqaqaqaqqa nyong ngekrek baen kang maca kie sumpah nek basa eropan gokil lah,,,joss lanjut kang...salam ngapakers dari banjarnegara

    BalasHapus
  2. hahahahahahahaha..
    sing jnenge daplun pncen kentir..
    nek nyong maca nang #NgomongNgapak mesti lgsung kepoyuh.. *lebe*
    salam #ngapakers kang cilacap

    BalasHapus
  3. kampret lucu pisan yakin nyong ngasi ra teyeng mingkem ngguyu baen

    BalasHapus
  4. Daplun anu sapa janjane, pinter banget luh, sumpah ra nglombo..

    BalasHapus
  5. oss pancen daplun kenthir..nulari tanggane kyeh..

    BalasHapus
  6. pancen gemblung ye gemblung..wakakkaka
    mantap plun!
    plun,ulih dinggo nggo status ora?
    namane koe ngko tak sertakena wis,kaya kuwe.

    BalasHapus
  7. agak sedikit ngga ngerti sih tapi ngakak juga =))))

    BalasHapus
  8. SEdEng pancen kue kaki daplun lah...
    Bisa bae gawe wong klalen anu lg sariawan...

    BalasHapus
  9. compoooongg....
    wakakakakakaka....

    BalasHapus
  10. wkwkwkkwwk kowe pancen kentir plund lah,,,,dupak ngeneh gkgkkgkggk,,,

    salam ngapaker

    BalasHapus
  11. hahahasyuuuu wtengku kaku!!!! kampleng loh plunnn wetengku enek kiehhh.....syem hahahahahaha tapi apik!!! joslah!

    BalasHapus
  12. gemblung ko ya plunn...telake ngasi gerangggg kyehhh bhahahahaha....

    BalasHapus
  13. plun rika pinter banget koh, anu nitor ng endi koh

    BalasHapus