Senin, 30 Mei 2011

Rambu Rambu Lalu Ngapak

Siki nyong arep ngaweh ngerti maring kowe pada ya.. Kiye tulung pada di rungokna.. Tulung..tulung..tulung ... *malah suarane kaya lagi ana maling*. Dadi nyong arep njelasna karo rika pada sing arane Rambu Rambu Lalu Ngapak (maksude Lintas jane) tapi Nini Lintas lagi matun kae neng sawah. Jorna bae lah.. Aja di gawa-gawa.

Nah tanda kiya artine Ora Olih Dodolan Es. Siki kiye lagi musim udan, ya ora olih dodolan es. Mengko mbok pada pilek. Umbelen mengko rika pada. Dlangap-dlongop umbele kaya clurut metu sekang leng.



Nek kiye artine Aja Menceng-Menceng. Ya nek urip kuwe ya sing lempeng bae (contone kuwe nek wis sunat "kae"ne kan lempeng. #lho). Dadi nek nggawa motor kuwe sing lempeng bae pokoke, neng ngarep ana jurang ya terus lempeng bae.
Kiye artine aja wani-wani. Anu wong galak. Wani nyalip gelem di keplak si ndase. Mlenong mengko rika. Dadi nek rika neng mburi ya ora usah nyalip-nyalip. Nek sing neng ngarep lagi mandheg ya rika kudu melu mandheg. (kapan gutuleeee).



Kiye artine anu uwis sesek. Wis ora medheng. Ya wis ora bisa mlebu. Anu njerone isine runtah ndean, apa anu kandang macan deneng ora olih mlebu. Dadi ora nana istilah Salome. *apa hubungane njajal*


Siki nyong takon, rika lagi ngapa kuwe?? lagi ora nana pegawean apa?? lagi macani apa sih?? Sing sekolah mbok ya sinau, sing kuliah ya mbok nggarap tugas.. Malah lagi ngapa sih rika pada, maca tulisane nyong sing ora nggenah. RIKA NJALUK DI PENTHUNG APA!!!




Kuwe mau Rambu Rambu Lalu Ngapak. Wis mudeng apa urung rika pada?? 
Moga bae ora mudeng, tambah gemblung sih iya ndean. Sukur lah Daplun ana batire.
Wis lah kesel tangane ngetik bae.

Salam Ngapak #Ngapakers.

ttd Daplun Biebers

12 komentar:

  1. wahahaha maen ka lah.. tapi kurang akeh lho... jal rika gawe maning sing akeh, nek wes dadi mengko tak waca ne

    BalasHapus
  2. wasukkahhh!!!
    gemblung kowe plun..lanjutkan plun!!
    wkakakakak

    BalasHapus
  3. maen plun, lanjut

    ja kelalen mampir http://.www.bratahanggara.co.cc

    BalasHapus
  4. sumpah kiye postingan sing paling nggawe nyong ora mandheg gole ngguyu,wakakak XD
    ngesuk2 nggawe tulisan tentang sandi pramuka/morse jajal plun pinter ora kowe :D

    BalasHapus
  5. koe ky apa sh plun kayonge cerdas+koplak=daplun.

    Wuakakakak...

    BalasHapus
  6. anake sapa jane rika? mesti esih pernah paman karo kartotuying ya?
    ana bakat kuwe rika, dadi pelawak, mbok sinawa bisa nerusna Peang Penjol ya?
    hahahaaa.

    ditunggu kang, guyonan liyane...

    BalasHapus
  7. Wah,, lucu juga bahasanya, tp msih kurang paham, Lumayan buat persiapan ke tegal..Kira2 waktu paling cepat untuk memahami bhsa ngapak berapa ya?

    BalasHapus
  8. hasu hasu......dadi bli doyan mangan kyeh,wetenge enekg...awas dang ketemu koe plun..#tak geblog geblogna tiang sisan.

    BalasHapus
  9. hehe , ws lah seno bae ngguyune nggo ngsuk maning mbok ra uman, esih akeh sing perlu dguyu



    BalasHapus
  10. cempe-cempe..mbudhegi..asuuu wetenge nyong krojat-krojot maca tulisanmu luuun..cemplun modar

    BalasHapus
  11. Ha ha apik banget kiye ndean..., kraetip pool lah pokoke nganti kepingkel - pingkel ..ngesuk mesti arep mbalek mening meng blog kiye ..sukses ya blog ge..

    BalasHapus