Senin, 07 Februari 2011

Kenangapa Ngapak??

Ngapak kue jane asale sekang kata"ngapa", tapi wong lia sing pada ora ngerti ya senenge nyebute "ngapak" soale angger nyong ngomong ngapa, ketone mburine ana huruf k, padahal janetah ora lho.. Lah karepe sing arep nyebut lah. Arep ngomong apa rika, sekarepmu bae.
Basa ngapak kue anane neng Jawa Tengah, kaya Banyumas, Cilacap, Purbalinga, Banjarnegara, Gombong, Kebumen, Brebes, Slawi, Tegal, Pekalongan, Wonosobo, ana sing urung di sebut apa yoh???

karo nyetel lagu lah, #sikingrungokna : Firehouse : Tresno se umur urip

Awal mulane aku gawe blog kiye jane nggo ngetokna unek-unek, awale sih nduwe twitter @NgomongNgapak, tapi ya genah bisane mung satuspatangpuluh huruf ya mandan angel nek arep nulis dawa.
Pas nyong nggawe akun kue jane aku gatel kepengin ngomong ngapak tapi ngganggo akun asliku ya mandan ora kepenak, sidane aku gawe akun NgomongNgapak, ketemu karo batire sebrayan bisa njeplak sekarepe dhewek. Rasane plong banget (jajal bayangna nek kebet ngentut terus di tokna) ya klaya kue lah rasane.

Alasan liane jane aku sebel banget maring wong sing nyepelkna basa ngapak. Pada ngguyu-nguyu ngece nek ana wong ngapak. Pada ngomong "Tidak ngapak ngapak" Maksude rika apa?? Nantang gelut apa??? *bagelwatu
Mulane sisan nggawe lah tek gawe akun NgomongNgapak, eh jebule siki nduwe kanca akeh pisan. Kayane juga pada seneng, pada kangen ngomong ngapak. Ya nek pancen pada seneng karo akune nyong ya alhamdulillah, itung-itung ngamal lah nggawe wong ngguyu. Sethithik asal Kemlethik.
Moga bae basane nyong pada ora bakal ilang kepangan jaman. Urip olih neng kota, Utek olih kaya Eropa, tapi atimu kudu tetep Jawa. Semoyane #Ngapakers "Bersatu kita Kompak,Bicara kita Ngapak" Ora ngapak ora kepenak" "Ora #ngapak #dupak"

24 komentar:

  1. Apik2.. keren Kang.. Nyong kangen Purwokerto.. #pulang malu, tak pulang rindu..

    From Malang with lope2..

    BalasHapus
  2. Like this pisan!! Lah bahasane nyong campuran deneng ya..."̮ нɑнɑнɑ "̮..orapapa lah ya.. :p

    BalasHapus
  3. Setuju banget kwe karo wong sing nyepelekna basa ngapak. Lewih nglarani nek wonge sing pertama ngojok-ngojoki nggo guyonan melecehkan jane ya bocah banyumas juga, mung gara-gara rama biyunge tuku umah neng Bekasi,kuliah neng kampus jakarta (ora terkenal jane kampuse) wis ngomonge kaya ngasu nek melecehkan basa banyumas.
    Kalimat sing kye wis pokoke MAEN banget : "Urip olih neng kota, Utek olih kaya Eropa, tapi atimu kudu tetep Jawa"

    BalasHapus
  4. Salam Ngapak, Wa. Senajan nyong aseli Jogja, tp karo basa Ngapak wis terlanjur ♥ ♥ ♥ cinta. Kenangapa Wonosobo oranana tulisaNE neng dhuwur? Apa Wonosobo pindahan maring Eropa yak? WANA to the SABA.

    BalasHapus
  5. setuju banget kang,inyong be kesuh banget jane nek ana sing ngece wong ngapak,urung tau di bagel watu ndean si yah.pokoke hidup ngapakers...

    BalasHapus
  6. Suwun ya pada. Pancen niate kepengin nglestarikna basa ngapak sing wis mandan di tinggalna. Ya sing kudu miwiti ya wonge dhewek. Arep sapa maning??. Mbok ana kurang lewihe njaluk pangapura,anu esih blajaran, maklum esih umblen. Suwun.

    BalasHapus
  7. bener kang. mentang-mentang kuliah nang jakarta apa kota liyane ngomonge dadi ora ngapak mergane isin karo kancane sing gue elo. kudune tetep ngapak ya. hidup ngapakers!

    BalasHapus
  8. gnah iya koh kang,,,nek ora ngmng ngapak rasane ana sing kurang,,kaya mangan mendoan tp langka lomboke...nyonk ora tau isin ngomong nagapak,,mbuh nangndi bae kuwe,,malah bisa nularna meng wong lia ngomong ngapak koh...
    wis disit lah komene,,kesel ngetike,,hahaha...
    slam damai sekang tangerang...

    BalasHapus
  9. kata2 paling jos: Rasane plong banget (jajal bayangna nek kebet ngentut terus di tokna) ya klaya kue lah rasane. perumpamaane pas banget yakin. hahaha

    BalasHapus
  10. asoy geboy... ayuhh pada ngapakkk..

    BalasHapus
  11. nyong setuju banged kang,,,kie blog joss pisan..tak promosikna ng FB yak ben kanca" ngapakers nang jogja barengane nyong bisa maca lan bisa nambah pasukan. Nang jogja ya ana siji pa sepuluh kancane nyong sing ngomonge wis madan ora ngapak padahal lg ketemu kanca ngapak, nek lg ngomong karo wong arab sih kana ora urus tapi kie lg ngomong karo wong senegarane luh,,jan njaluk di tendang untune ka lah,,,joss kang bloge.

    BalasHapus
  12. kang jane rika sapa anu? ra sah isin isin, gemagus ko.... hahahahahaha
    kiye conto enyong ra isin-isin ngomong ngapak...

    BalasHapus
  13. weh kang daplun,
    wonosobo kue jane ngapak ra si ya?
    nyong sekawit nang wonosobo langka nemu sing ngapak..
    nyong bae kiye ngapak nu keturunan seka mamake sing wong kebumen...

    BalasHapus
    Balasan
    1. nyong wong wonosobo bro, ya mandan ngapak mandan ora, peralihan. hahahaa

      Hapus
  14. nyong terus terang bae gemiyen sok isin ngomong ngapak, solae sering diguyu si karo kanca2ne neng jakarta, tapi siki ora maning, lah bodo pada arep mikir apa wong lia sing penting enyong dadi awake dewek, apa maning pas nemu blog karo twitere daplun, lah jan seneng bgt, saben dina ngguyu bae, geget ko...matur nuwun y plun

    BalasHapus
  15. kang daplun, aja ketinggalan laaah. Pemalang (kota imut sa'wetane tegal kae lhoh), ngapak juga lho.. malah pekalongan ora ngapak kang.. #protes

    BalasHapus
  16. maen lah jos nylekamin...

    BalasHapus
  17. hidup #ngapakers... wong jawa kudu njawani!!!
    aja sok sok'an loe gue loe gue... *thithik untune

    BalasHapus
  18. jare wong purwokerto - cilacap - tegal, wonosobo bahasa peralihan, agak2 ngapak tapi ora ngapak, padahal asline kaya kuwe sih.. hahaha. LANJUT POSTING GAN :) Gantungan kunci. iki twitterku (ben terkenal) @heuheuheuu

    BalasHapus
  19. Pekalongan kayong belih ngapak, pemalang ajibarang bumiayu ketinggalan kuwe Kang Daplun. Anu kang, angger bisa kosakata lawas ditokna maning. Bocah alamengko ngapak tapi akeh ora ngerti kata2 sing kayong wis kuna (angkatan kepranan) yongan. Terus basane dewek se kata be bisa pirang2 sinonime, contone: bagel = bandem = baluk = sempalong, dadi angger katane ning se artikel diulang-ulang, bisa dinggo kabeh gantian, aja siji bae.. Nyong termasuk uwong sing duwe apresiasi duwur karo pelestarian "bahasa ibu" wonge dewek (ning Indonesia saiki diarani "ngapak").. Maju terus Kang Daplun..!!

    BalasHapus
  20. hadirlah Salam "Ngapak Kebumen" ~Ganja ~(0406) (Gank anak Jatimulyo) Pth/Kbm \(^0^)/\(^0^)/\(^0^)/

    BalasHapus
  21. Lah nyong sing nang Suriname be ngapak kie kang

    BalasHapus
  22. jozz gandoz..mangan ora mangan ttp ngapak..kata copas gkgkgk

    BalasHapus