Selasa, 18 Maret 2014

PeHaPe

Apa kuwe PHP? Permata Hijau Purwoketo. Kuwe perumahaannnn..!!! #ngob
PHP kuwe singkatan Pemberi Harapan Palsu. Bisane? Ya, sing aweh harapan barang KW. #loh
Biasane, cah lanang sing seneng PHP meng cah wadon. Kenangapa? Soale wadone bae sing ke-GR-en. Seneng be ora koh ke-PD-en. Mulane nek ora ngerti takon. Paling di tolak. #jleb




Siki tek critakna setitik pengalaman masalah PHP.
Dadi ceritane kaya kiye...
*ngetik karo mangan mendoan*

Pada suatu hari, Daplun neng kampus lagi mlaku-mlaku. Daplun kuwe mahasiswa telatan. Kuliah jam wolu, jam sanga tembe tangi. Sidane kuliahe neng njaba kelas. Nglekor kaya mangan sega kucing.
Pas kuwe Daplun duwe adi kelas. Sebut bae jenenge Bunga. Jeneng lengkape BuNgadiman.

Merga saking rajine, Daplun di angkat dadi asisten dosen neng kampus. Wis pokoke dadi idola : ireng, dower, ala. Hahahahaaaa. Apa? Seneng koe? Ngguyu? Keplak ndase!

Biasa lah trik cah wadon, njaluk warah marang sing ora ngerti, padahal ya mung modus :
Bunga : Mas Daplun..
Daplun : Ya dek, ana apa? Kebet ngising apa? Nganah ngising neng WC bae..
Bunga : Ora mas, ngising wis tembe bae. Cewoke sing urung.
Daplun : Wadon nggilani!
Bunga : Kiye koh mas.. nyong arep takon rumus sing kiye. Kepriwe sih nyong bingung..
Daplun : Duh dek, nek di critakna bakal suwe. Kaya Purwokerto - Tegal numpak becak. Kaya kiye bae, mengko sore nyong tek meng kos mu bae ya.. #modus
Bunga : Oh ya mas, mengko tek enteni ya neng kosku..
Daplun : Ya dek, aja kelalen sediakna wedang ya. Sajen kembang pitu rupa karo menyane. (pangananeeee..!!)

Kiye arep tek critakna langsung neng kos apa critakna sedina nyong ngapa bae? Soale nyong sempet mampir nggone Sri disit jujug trasi. Kayane tah ora patiya penting yah. Dadi langsung bae..

*neng kose Bunga* Kebeneran ibu kose lagi lunga. Dadi bisa mlebu kamar kos. Biasane sih nerima tamu neng njaba umah. Ngekose neng ndi, mertamune neng ndi.
Daplun : Ehm, kepriwe dek.. *api-api watuk ben di wei wedang*
Bunga : Ya mas, kiye nyong njaluk waraih soal sing kiye. Angel pisan. *tetep ora di wei wedang* #kawus
Daplun : Ora ana sing angel neng dunia kiye dek asal dewek berusaha. *gayamu plun plun...*
Bunga : Soal sing kiye mas "Diketahui, A duwe pacar B. B duwe pacar C. Pertanyaane, kenangapa D tekan Z jomblo kabeh?
Daplun : Kiye soal apa nantang gelut dek?!!
Bunga : Lah, mbok Mas Daplun sing gawe soale??
Daplun : Oh ya yah kelalen. Maklum nek cedek karo wong ayu pikirane ora karuan.. #eaaaaa #utekmu
Bunga : Ah Mas Daplun bisa bae.. *gaplok sandal jepit*
Daplun : Dadi kaya kiye dek. A karo B kuwe payu. B kuwe payu banget. C kuwe lumayan payu nggo selingan. Nah, D tekan Z, kuwe sing ora payu banget. Kadang dunia kuwe ora adil. Nek adil, ora bakal ana jomblo neng dunia kiye. Dunia bakal sepi, ora rame pada dolanan twitter karo facebook kaya siki. #nyindirAlus
Bunga : Oh, kaya kuwe jawabane ya mas?
Daplun : Ya dek, ora ana soal sing angel. Sing angel kuwe kepriwe carane dewek bisa bersatu.. #eaaaa

Dapun kuwe pancen bocahe seneng guyon. Ngomonge cokan sembarangan.
Dasare Daplun kuwe bocah apikan, seneng aweh harapan meng wadonan. Asline sih mung nggo guyonan.

Nah, suwe Daplun karo Bunga kuwe mlaku bareng. Wis kaya kakang adi. Kakang adi ketemu gede.
Bunga mulai ana rasa karo Daplun, soale meng ngendi-ngendi bareng. Daplun ya ketone perhatian banget karo Bunga. Pokoke ora ana wong sing lewih apik lah ketimbang Daplun (jane nek di pikir sih akeh, mung ora gelem mikir bae).
Padahal Daplun sih biasa bae. Nek Bunga njaluk tulung ya di tulungi, nek Bunga njaluk adus ya di adusi. #eh
Maksude Daplun ya mung kepengin niat apik karo wong. Ora ana maksud apa-apa. Mung Bunga wis kadung tresna karo Daplun, tapi ora wani ngungkapna (ngerti dewek lah cah wadon #wisbiasa)
Masalah pacar? Daplun kuwe wis ana sing duwe. Daplun setia banget karo Sri. (soale nek selingkuh ora konangan)

Pada suatu ketika, Bunga memberanikan diri ngomong cintane meng Daplun :
Bunga : Mas Daplun, nyong kepengin ngomong 4 mata karo koe..
Daplun : Ana apa dek? Ngomong 4 mata nganggo kacamata jaran apa ora??
Bunga : Emm.. Kiye mas.. Emmm..
Daplun : Apa sih dek? Koe mencret??
Bunga : Ora mas.. Anu.. Anu..
Daplun : Anumu kenangapa dek? Ana sing nakali anumu??
Bunga : Utekmu mas! Kiye mas, nyong arep ngomong nek nyong kuwe tresna karo koe..
Daplun : Haaahhhhh??? *semaput*

Daplun semaput krungu Bunga nyatakna cintane. Lah trus kepriwe kiye nyong arep nglanjutna critane nek Daplune semaput?? Apa ngenteni Daplun sadar diri bae?? Kapan rampunge!!!

Okelah. Bar kuwe intine Daplun njawab meng Bunga. Nek Daplun kuwe mung nganggep Bunga dadi adi. Ora kurang, ora lewih. Nek lewih ya di balekna.
Bunga kecewa. Dikira Daplun juga cinta, jebule ora. Ternyata Bunga dadi korban PHP neng Daplun.
Bunga siki senenge galau. Ora bisa mangan ora bisa turu. Tapi esih urip sih untunge.

Nah, dadi kaya kuwe lah kira-kira critane. Kiye sih jane udu pengalaman yah.. Mung kebeneran bae nek critane pada.

Intine sih ya, sebab PHP kuwe antarane ana loro :
1. Lanange sing ke apiken, apa
2. Wadone sing ke GR en

Mulane nggo cah wadon, nek duwe rasa njajal wani di ungkapna. Ketimbang penasaran. Aja mung ke GR en. Mengko ngerti2 jebule dadi korban PHP.
Kanggo cah lanang, nek aweh perhatian karo cah wadon kudu ati-ati. Niate apik mengko malah di arani PHP.


Wis disit kaya kuwe bae crita wengi kiye. Kapan-kapan di sambung maning.
Nek ana salahe apa ya tek pikir? Ora urusan, ora urunan, ora duwe duit!


Matur nuwun..

Daplun



Sabtu, 18 Januari 2014

Galau Jaman Ganu

Saiki kan jamane wis maju. Ana henpon lan sejuta aplikasine. Ana facebook, twitter, bbm, kakaotalk, wechat, whatsup, instagram, path lan lia-liane. Meh saben wong duwe akune, tapi.. pacar siji bae ora duwe. #jleb
Neng dunia maya (udu duniane luna maya), saben-saben ana status galau. Contoh "Duh, nyong kencot.." Kencot galau. "Duh, arip tapi ora bisa turu..". Ora bisa turu galau. "Duh, kebet ngising.." Ngising bae galau. Pokoke werna-werna status galau neng dunia maya.
Jane sih sing maca statuse pada peduli ya ora, paling maca trus.. Oh biasa lah wong caper lagi galau. Jorna bae mengko toli mari dewek (mari waras). #kawus




Nyong mbayangna, kepriwe wong-wong jaman ganu (dahulu) sing urung ana teknologi nek lagi galau. Kayane susah ya arep meng-ekspresikan kegalauan. Di tahan bae kayane nganti kebet ngising.

Kiye beberapa cerita wong jaman ganu nek lagi galau :
1. Nabuh Kenthongan
Ngerti kenthongan mbok? Kae loh nek misale lagi nggawa motor, trus mogok merga kenthongan bensin.. Apa ora bisa mbayar kos merga kenthongan duit. (Kuwe ke entongaaaannnn...!!!) #ngob
Dadi critane, pas wengi-wengi, Daplun weruh Sri mlaku neng papringan karo wong lanang lia (lanang asli apa ora jane ya mbuh, wong urung tau di tiliki jenis kelamine). Daplun langsung galau. Daplun mlayu meng ngumah karo galau. Merga urung ana henpon, Daplun nabuh kenthongan.. Tong tong tong tong... karo ngorong-ngorong.. "Tulung tuluuunggg nyong galau.." Wong sing pada krungu metu umah, di kira ana maling. Jebule anu wong galau ngrusuhi warga sing lagi pada turu. Akhire Daplun digebugi warga nganti mati. #tragis

2. Curhat karo Ingon-ingonane (binatang peliharaane)
Daplun kan duwe ingon-ingonan, ana sapi, wedus kebo, baya lan lia-liane..  Saben sore Daplun angon (gembala) sapi neng lapangan. Ceritane daplun lagi galau, bingung Sri jane cinta apa ora karo Daplun. Akhire Daplun curhat karo Sapi.
Daplun : "Pi sapi.. Menurutmu Sri tresna karo aku ora yah? Aja-aja nyong mung dadi korban PHP kiye.. Sri jane gelem karo nyong ora??"
Sapi : "Mooohhhh."
Daplun emosi krungu jawabane Sapi jere Moh. Artine Sri moh (ora gelem) karo Daplun. Daplun kalut mobat-mabit nggawa arit, akhire sapine di sembeleh. Mati.

3. Gawe Candi
Ceritane cintane Daplun di tolak neng Sri. Daplun sedih banget, galau awan mbengi. Madang ora doyan, turu ora lali, ngising ora metu-metu. Pokoke ngapa-ngapane angel lah.. Akhire Daplun galau karo gawe Candi bentuk patunge Sri. Saben dina Daplun telaten gawe candi. Tapi sing di eling neng Daplun mung sikile Sri. Ora bisa gawe bentuk patunge Sri, soale bentuk raine ora apal, awake ya ora apal. Soale jaman ganu kan urung ana foro dadi angel mbayangnane. Candine dadi sih... Tapi Candi Sikile Sri. Bentuk candine malah kaya sikil tukang becak sing akeh otote. Nggilani lah.. #ngob!

4. Nyebur Laut, Nyebrang Nusakambangan
Ceritane Daplun krungu mantane arep mbojo. Padahal Daplun esih tresna karo mantane kuwe, ceritane urung bisa move on. Daplun galau, mlayu-mlayu neng pinggir pante. Weruh neng sebrang ana pulau Nusakambangan. Daplun nekat pokoke nyong arep nyebrang Nusakambangan. Nyong ora rela mantanku mbojo disitan. Nyong kudu nggolet bojo neng Nusakambangan. Akhire Daplun nyebur laut. Ngelangi meng Nusakambangan. Eh neng tengah-tengah perjalanan neng tengah laut ketemu hiu. Akhire Daplun kepangan hiu. #tragis

5. Corat-coret Neng Watu Kali.
Jalaran urung ana facebook nggo corat-coret neng temboke, wong jaman ganu ngungkapna perasaan neng watu. Dadi di ukir tulisane neng watu kuwe. Contone tulisane "Daplun lope lope so much karo koe Sri.. " + gambar godong waru. Saking suwe gole ngukir tulisane, nganti taunan neng pinggir kali.  Tekan tua mung gunane gawe ukiran neng watu. Olih Sri ora, tua tah iya. Mbuh arep dadi apa kuwe lah.. Jebule tulisane ora tau di waca Sri, merga Sri minggat tuku trasi ora bali-bali. #kiyetragisbanget


Dadi kira-kira kaya kuwe lah kepriwe nek wong jaman ganu lagi galau. Kayane sih melasi ya ceritane. Tapi kuwe kan cerita, udu kenyataane. Sing kenyataane ora payu-payu ya ana.. Sing ora bisa move on ya ana.. akeh!
Ana sing lagi galau? Nyong sih ora. Ora urusan, ora urunan, ora duwe duit!

Wis semene disit gole crita, kapan-kapan tek sambung maning.

Suwun..
Daplun


Selasa, 30 Juli 2013

Tips Daplun: Mudik


Nah.. Kiye mumpung dela maning arep bada, mesti sing lagi neng perantauan mesti pada bali kampung. Kuwe nek duwe kampung, nek ora duwe kampung ya mbuh kuwe bali meng ndi.


Siki arep tek wei tips meng koe pada sing arep pada mudik, semoga bae bermanfaat. Nek ora bermanfaat ya ora urusan, ora urunan, ora duwe duit.





Tips mudik sekang Daplun:
1. Tuku tiket jauh2 hari
Maksude, nek arep mudik, sebaiknya disiapkan jauh2 hari. Dadi, senajan bada esih 5 taun maning, siki koe kudu tuku tikete. Sapa ngerti mengko ora kebagian. Jaannn kaya munggah haji bae yah..

2. Gawa bekal sing cukup
Pas mudik kan biasane kencoten neng dalan, nah aja kelalen nggawa bekal sing cukup. Ya panganan, ya inuman, ya klambi salin. Nek perlu, kompor, waja, kulkas, AC, karo lemari ne di gawa sisan.. Dadi ora bakal ana sing kurang neng dalan.

3. Periksa kondisi kendaraan
Nah, sedurunge mangkat, periksa disit kendaraan mudik. Nek koe numpak sepur, tiliki disit kae ban sepure, sapa ngerti ana sing nggembes, di tambal disit dadi bisa mlaku ora ngogel neng dalan.. Nek koe numpak kapal, tiliki disit baling-balinge bisa muter apa ora, nek ora bisa muter, koe nyemplung meng segara neng pelabuhan, di ganti disit kuwe baling-balinge, nek perlu di ganti karo kitirane Doraemon ya kena.

4. Periksa surat-surat kendaraan
Pastikna disit surat-surat kendaraanmu lengkap. Cek kudu lengkap ana KTP, Ijazah, Pas foto, Transkrip Nilai karo surat lamaran.. Udu kuwee...!!! #ngob. Ya maksude kaya SIM, STNK, karo STTB (eh BPKB maksude).

5. Kunci rumah
Nek umah di tinggal mudik. Kudu waspada mbok ana maling. Lawang karo jendela di tutup rapet. Nek perlu umahe di tutupi plastik kresek ben rapet, apa di tutupi pembalut ya kena ben ora bocor.. Barang-barang elektronik di pateni, mbok ana konsleting (konangan neng sleting #eh). Nek perlu di gawa mudik bae kue TV, kulkas karo AC ben ora di colong wong.

6. Taati aturan
Selama perjalanan, koe kudu taat karo peraturan. Misale, nek koe numpak motor mabur, aja njaluk mudun neng tengah ndalan senajan umahmu liwat neng ngisor. Apamaning ngomong kiri-kiri karo kenete, ora bakal mandeg motor mabure.. Kuwe udu koprades!
Trus nek numpak motor, aja teluan. Boncengan loro bae kadang angel njaga keseimbangan neng ndalan. Apamaning teluan, sing ngarep lanang, sing tengah wadon, sing mburi lanang. Lah jaaan sidane sing ngarep gigire dekong, sing tengah bokonge dekong. Sing mburi dewek ora kebagian apa-apa. Bisa-bisa manuke tugel tekan ngumah. Melasi..

7. Sewa pacar
Kiye tips sing penting lan terakhir nggo mudik. Biasane kan nek mudik nyewa mobil, siki wis ora jaman. Siki jamane nyewa pacar. Koe kudu nyewa pacar. Apa? Ya nyewa pacar. Soale mengko nek koe bali kampung, dadi ora isin nek di takoni kanca/tangga "Ndi pacarmu? Ndi bojomu??" Nah, wis duwe (senajan sewaan). Lumayan nggo tamba isin. Masa saben taun di takoni pacar/bojo ora tau bisa njawab.. Emang-eman merantau adoh-adoh jebule jomblo bae.

Sekian tips Daplun mengenai mudik. Ana kurange ya ngeneh di tambaih, nek ana lewihe ya ngeneh di balekna.

Suwun

ttd
Daplun


Minggu, 09 Juni 2013

MOVE ON!

Apa kuwe move on?? Move on kuwe sejenis panganan sekang glepung sing di wei klapa, isine gula jawa.. Kuwe klepoooonn!!! #ngob

Move on. Move kuwe obah, on kuwe murub. Dadi, move on kuwe barang sing obah terus murub. Obah apane? Anune. Murub apane? Murub muatamuuu...!!

Kurang lewihe kaya kuwe artine. Nek lewih ya ngeneh di balekna.





Move on kuwe nek jere cah gaul jaman siki.. (brarti nyong wong ora gaul jaman kuna yah? melasi), Move on kuwe ibarat melupakan masa lalu, nglakoni apa sing neng ngarep. Dadi misale neng mburi ana tembelek, kudu mlayu.. Kaya kuwe yah?? Mbuh.

Ora gampang pancen arep move on, apamaning move on sekang mantan (nek duwe). Kadang ati esih tresna, dadi ora bisa ngelalekna mantan, ngasi ora bisa madang, ora bisa turu, ora bisa ngising. Jaannn.. melasi temen uripe yah..

Jane sih yah, mantan kuwe kan wis dadi kenangan. Kudune mikir lan nglakoni nggo masa depan. #tumbenbener

Siki tek wei tips meng koe pada, kepriwe carane ben cepet move on:

1. Aja duwe mantan
Kiye tips sing paling manjur nek arep move on. Nek koe ora duwe mantan, ora usah perlu repot2 move on. Arep move on sekang sapa, mantan bae ora duwe.. Mantan majikan lah iya.

2. Nggolet mantan sing elek
Nek koe duwe mantan sing apik, biasane kan angel ngelalekna. Nah, mulane nek arep nggolet mantan, sing elek bae. Misale siki koe duwe pacar sing elek, nah berarti pas kuwe di putus siki bae ben cepet move on.

3. Ilang ingatan
Jajal jeblesna sirahmu meng tembok. Sapa ngerti bisa ilang ingatan. Dadi wis ora kelingan mantan.

4. Aja ngintipi mantan
Nah kiye, pegaweane wong sing kurang gawean. Wis dadi mantan tapi status facebook e, status twitter e, esih bae di intipi. Aja nganti juga ngintipi mantanmu nek lagi adus. Sebab koe ora bakal bisa move on nek kaya kuwe, matamu ya bisa2 timbilen. Sukur sukur ora konangan. Nek konangan ya modar bae.

5. Di eling eling sing elek
Nek lagi kelingan mantan, aja mikir sing apik. Mikir sing elek tentang mantanmu kuwe. Contone, keleke ireng, ora tau adus, mambu langu, selingkuhan, ora tau kathokan. Lan kelakuan elek sing lia2ne.

6. Golet pacar sing anyar
Nah kiye sih gampang gampang angel. Sing jomblo taunan bae kadang ora olih-olih pacar tekan siki, apamaning sing tembe putus. Bisane sih suwe. Tapi ya sing sabar bae. Esih mending lah nasibe ketimbang sing jomblo taunan..

7. Golet kanca sing akeh
Salah sijine cara ngelalekna mantan, merga dewek sibuk kegiatan karo kanca-kanca. Dadi ora ndekem bae neng kamar kaya ayam arep ngendog. Ngerti ngerti kendat.. Golet kanca sing akeh, saben ketemu wong, di ajak dadikna kanca. Sedina koe ketemu satus wong, duwe satus kanca. Dikeplaki lah iya sok kenal. Sepisan pindo dolan karo kanca rekreasi. Maring Baturaden ya kena, trus mudun sitik menggok GS. #eh

8. Aja kakehan foto
Biasane sing angel gawe move on kuwe nek weruh fotone. Mulane nek lagi pacaran, ora usah kakehan foto. Mengko kesel mbuseke. Apamaning di pasang-pasang neng facebook, kaya arep dodolan bae. Nek jeneng mantanmu esih ana neng hape, ganti bae jenenge, misale "tukang panci", "bakul cilok", lan lia-liane.

9. Jaga jarak
Pokoke koe aja cedek2 karo mantan, apamaning se kamar, di jamin ora bakal bisa move on. Nek misale mantanmu neng Purwokerto, koe lunga adoh nganah meng Arab. Nek ora, koe mabur meng Antartika bae, pacaran karo beruang kutub.

10. Nerima lan Ndonga
Cara sing terakhir, sing nerima lan akeh akeh ndonga. Aja maring dukun trus di santet. Kuwe wis jaman kuna. Sing jenenge mantan, kayane wis pancen udu jodohe, dadi kudu nerima neng ati. Mantan kuwe kan jodohe wong lia sing mampir sedela. Dadi ikhlasna bae nek mantanmu karo liane. Esih akeh menungsa neng dunya kiye sing lewih apik sekang mantanmu. Uripmu kudu maju, ora mung mikirna masa lalu.

Kaya kuwe bae tips sekang nyong. Semoga sing lagi kepengin move on, cepetan move on. Alon alon sing penting move on. Nek esih ora bisa move on bae, apa ya kuwe urusanku? Ora urusan, Ora urunan, Ora duwe duit.


Matur nuwun..

ttd
Daplun


Sabtu, 09 Maret 2013

Kimcil Nyolong Timun

Sedurunge cerita, tek wei ngerti, cerita kiye khusus nggo SUNAT+. Dadi kanggo koe pada sing urung sunat, aja maca cerita kiye. Mengko domeih wong tuamu.
Nganah bali disit njaluk sunat maring rama/biyungmu. Ngomong bae njaluk sunat gara2 kepengin maca ceritane nyong. Paling di balang clurit kon ramban suket neng sawah. #kawus.





Kimcil kuwe sejenis mahluk sing cilik, imut, lucu. Lincah, senenge mlumpat-mlumpat (meng kasur), ya lenjeh lenjeh kaya kae lah..

Dadi ceritane kaya kiye..
Pada jaman dahulu kala, ana cah lanang bagus, apik atine lan ora sombong jenenge Daplun.. (Wis ra sah protes, jenenge bae cerita, kadang ya cokan ora mesti pada karo kenyataane).
Daplun duwe Timun sing paling apik se dunya.
Timune warnane ora ijo, beda karo timun timun pada umume. Warnane coklat keemasan.

Nah timune Daplun kuwe dadi rebutan. Terutama nggo rebutan kimcil kae.
Padahal ya, timun kuwe anu spesial nggo seseorang sing di tresnani karo Daplun, jenenge Sri. Merga timune Daplun kuwe bangetin spesial, di jaga bener-bener. Di gawa meng ndi ora. Mangan di gawa, turu di gawa, nganti ngising bae di gawa.

Pada suatu hari, Daplun arep apel meng nggone Sri. Ngapel numpak becak andalane. Becak sing bisa ngebut nek bar di empani sega sepiring. NOS bae kalah bantere.
Ujug-ujug neng dalan, di adang kimcil. Kimcile ngaded neng tengah dalan, becake Daplun di adang.. Daplun nge-rem.. Tapi kelalen neng sebelah ndi rem e. Akhire becake ora bisa mandeg, kimcile ketabrak... *bruaakkkkk!!!* Kimcile MATI. Kimcile gagal ngebut Timune Daplun.

Jebule ora mung siji sing kepengin ngrebut timune Daplun. Ana kimcil liane sing kepengin ngrebut.

Pada suatu waktu, pas Daplun lagi arep dolan meng nggone kancane nggarap tugas (tetep numpak becak andalane), di adang neng wong wadon ayu.. Wadon kue kulite putih (kaya sapi), kulite mulus (kaya kecoro), matane tajam (kaya bendo), senyumane menggoda (kaya setan).

Wadon : "Mas, anu emm.. emm..." 
Daplun : "Ana apa mba? Amm emm amm emm, lagi kebet ngising apa??"'
Wadon : "Ora mas, wis ngising tembe bae. Anu mas, nyong jomblo..."
Daplun : "Wah tumben banget mba, sengertiku sih yah, nek jomblo kuwe jarang loh sing ngaku.. (kaya sing maca) #nyindirAlus. Trus arep ngapa mba nek koe jomblo?? Ya nggolet pacar nganah.."
Wadon : "Emm.. Anu.. URUNG ANA SING COCOK.. #AlibiJombloTingkatKaresidenan "
Daplun : "Ngomong bae ora payu mba, ora usah rikuh-rikuh, kaya karo sapa. Kepriwe kiye ana apa jane ngadang nyong neng dalan??"
Wadon : "Ya mas, nyong lagi ana masalah, kepengin curhat. Tapi ora duwe kanca curhat. Gelem ora mas ngancani nyong?"

Jalaran Daplun kuwe wonge apikan, seneng nulungi nek ana wong susah, ana sing butuh ya kudu di tulungi.

Daplun : "Ya wis mba, cerita ngeneh karo nyong. Ana masalah apa?? Eh tapi ceritane ora kepenak nek neng kene, sisan karo mangan ya?"
Wadon : "Wah kebeneran mas, nyong ya urung madang *mbatin YESS!*"

Daplun karo wadon kuwe mlaku nggolet tempat panganan, muter muter se-Kabupaten ora nemu panganan sing cocok, akhire di ajak wadone meng kos-kosane.

Wadon : "Arep nginum apa mas? Banyu bening? Apa kobokan??"
Daplun : "Banyu kalen sisan ya kena mba, ben modar"
Wadone : "Kiye mas, tek gawekna jus special.. Jus for you.. #eaaa"

Daplun keselen nggenjoti becak, dadi ngelak banget. Di wei wedang langsung bae, Jus se gelas di inum langsung ntong. Kaya manuk dara bandangan bar di burna adoh di wei inuman.

Ora let suwe, sirahe Daplun krasa mumet. Rasane mubeng-mubeng kaya numpak undar neng Pasar Malem.
Mlaku gentayangan kaya ebeg wuru. Akhire Daplun tiba semaput ora sadar.
Jebule jus sing di wei neng wadon kuwe banyu Ciu. Ciu sing memabukkan. Gawe Daplun modar ora sadar.

Wadone ngguyu-ngguyu ngekek kaya kuthi. Trus malik wujude dadi Kimcil.
Terus timune di bedul. Di colong di gawa mlayu. Timune Daplun berhasil di colong neng kimcil kuwe.

Esuke Daplun tangi, trus sadar. Jebule neng Gang Sadar. Daplun kaget. Trus niliki ngisor..
Waduh TIMUNKUUUUUU DI COLONG KIMCIIILLLLL....!!!!

Daplun emosi, galau. Trus ngetwit #eh.

Daplun bali ngumah lesu, lemes, ora gairah. Becake bae di tinggal lunga ora kepikiran.
Padahal timun kuwe special nggo Sri. Kepriwe kiye, soale timun kuwe nggo syarat nek arep dadi bojone Sri.
Daplun bingung, Daplun galau. Trus ngetwit. #eh

Sedurunge timun kuwe ketemu, Daplun ora bisa mbojo karo Sri.
KIMCIL KURANG AJARRR..!!!

Nah, kaya kuwe ceritane. Tekan siki Daplun esih mubeng-mubeng muteri Sewu Kutho (kaya Didi Kempot) nggoleti timune sing ilang di colong Kimcil. Demi mbojo karo Sri.
Dongakna ya sedulur, semoga timune Daplun cepet ketemu. Ben bisa cepet mbojo karo Sri.

#RAMPUNG

*Cerita ini hanya fiktif belaka. Jika ada nama yang sama, kuwe ya jeneng pasaran. Jika ada kejadian yang sama, kuwe ya deritamu"

Matur Nuwun
Salam Ngapak. Ora Ngapak Dupak.
ttd Daplun.

Rabu, 17 Oktober 2012

LDR : Lara Dewek Rasakna!

Siki nyong arep mbahas LDR. LDR : Lara Dewek Rasakna!

Ya ya, LDR kuwe Long Distance Relationship, nek bahasa Indonesiane Pacaran Karo Meteran. #loh

Pacaran adoh-adohan kuwe sing jenenge LDR.








LDR kuwe akeh sebabe, umume sih merga pacare seklohah/kuliah/umah meng luar kota dadine adoh-adohan. Sing melasi kuwe nek LDR merga pancen pacarane ora tau ketemu. Ketemune neng chatingan, smsan, bbman trus dadian. Padahal asline kaya ngapa ora ngerti. Jebule pada lanange / pada wadone ya ora ngerti. Gelem bae di lomboni foto. Melasi yah..

LDR kuwe jane menang status ketimbang jomblo. Olih predikat pacaran. Bar kuwe wisuda dadi mantan.
LDR kuwe pacaran rasa jomblo.
LDR kuwe status pacaran sing asline atine kesepian.
LDR kuwe kaya jurusan bis, antar kota antar propinsi. 
LDR kuwe kaya Olympiade, antar negara.
LDR kuwe kaya lomba kenthongan, antar Kecamatan antar Kabupaten.
LDR kuwe adoh neng mata, boros neng pulsa.


Nek di pikir-pikir sih mubah pacaran adoh-adohan. Nyekel tangane ora bisa, ambung-ambungan ora bisa. Paling ambung-ambungan karo hape. Lambene ndower nganti kepanasen nempel neng hape.
Nek malem minggu, ora beda adoh karo jomblo. Mlongo neng ngumah, mbayangna rupane pacare lagi ngapa, jebule lagi selingkuh. Jajal sapa sing bisa ngerti, lagi smsan karo kowe, jebule neng kana pacarmu lagi mesra-mesraan karo wong lia. NAH!. #racunDaplun

Trus nek lagi ribut, paling bisane ngomel-ngomel neng telepon. Arep ndupak apa ngeplak ora bisa. Paling hapene di banting, bar kuwe nangis ora teyeng tuku hape maning merga hapene bodol.
LDR kuwe gawe bimbang masalah kepastian. Pacaran adoh-adohan arep tekan kapan? Ngenteni bada kethek??


Tek wei tips nggo nglakoni LDR:
1. Kudu bisa ngatur wektu ketemu
3. Kudu duwe pulsa
4. Kudu duwe duit
4. Kudu setia
5. Kudu saling percaya
Sing paling penting, KUDU GELEM.

Mandan ribet yah nek LDR? Pancen.
LDR kuwe sangar tapi melasi. Statuse duwe pacar, tapi seringe mangan ati. #wareg

Nek bisa sih, pacaran ya aja adoh-adohan. Apa sing perek ora ana? Apa merga sing perek ora ana sing gelem yah? Dadine se anane. Ananae pacar neng kana ya kepriwe maning kudu di terima.

Tapi mending yah ketimbang jomblo, sing adoh ya ora ana sing gelem, sing perek apamaning.. #lewihMelasi


Tapi kabeh mau ya sekarepmu, arep LDR, arep pacaran, arep jomblo taunan apa arep ngapa ya sekarepmu. Ora urusan, ora urunan, ora duwe duit.

Matur nuwun..
Daplun

Jumat, 05 Oktober 2012

INSOMNIA

Mbuh ngapa kayong mandan ora teyeng turu mbengi kiye. Ketimbang langka pegawean (saben dina kaya ana pegawean bae), arep apdet blog maning.

Siki nyong arep cerita bab INSOMNIA. Nah, ngerti mbok insomnia? Kae loh penyakit sing kelalen jenenge dewek, kelalen kanca, keluarga, biasane merga sirahe njebles watu apa tembok bar tabrakan.. KUWE AMNESIAAAA..!!

INSOMNIA : INyong Siki Ora Merem Ngelingna Indahe Awakmu..



Siki tek critakna disit sebab-sebab wong ora teyeng turu. Sebab wong ora teyeng turu kuwe merga matane esih melek. Lah nek turu karo melek ujar ujare jaring iwak apa..!! Ya ya ya.. mandan serius lah, kiye sebab2 ora teyeng turu:

1. Merga kakehan pikiran
Wong ora bisa turu merga kakehan pikiran. Mikiri utang, mikiri kapan duwe pacar, mikiri kapan mbojo, mikiri mantan, lan mikiri sing lia-liane. Kiye kiye sing kadang-kadang gawe menungsa galau. Tapi galau sedina ping telu, kuwe galau apa nginum obat sih?? Nah ben ora kakehan pikiran, carane uteke di dol. Ora usah kabeh, semending bae, supaya pikirane ora kakehen. #ndiasmu!

2. Merga kopi
Ora bisa turu kuwe bisa di sebabna kopi. Kopi kuwe duwe kandungan kimia (mbuh apa arane sing gawe ora bisa turu). Kepriwe deneng kopi bisa gawe ora teyeng turu?? Tek wei ngerti carane. Dadi kowe nggodog wedang panas, trus gawe kopi. Nah kopi sing panas kuwe siramna matamu. Di jamin ora bakal teyeng turu.

3. Merga sinau/nggarap tugas
Nah, kiye kiye. Nyong banget lah pokoke. Nek nyong urung turu mesti kiye sebabe. (Wis ora usah kakehan penjelasan, sing penting koe wis maca, ora usah kakekan karep. Karepe nyong nulis apa!! #emosi)

4. Merga kencot
Kiye jane sebab sing ora mutu. Nek kencot ya mangan, malah pada curhat neng twiiter apa neng facebook. Ujar ujare curhat gawe wareg ndean. Golet panganan kae neng pedangan, mbukak kulkas kae ana isine. Isi es batu ya di caplok bae ben wareg. Nek cah kosan sih andalane mesti mie godog karo ndog. #poll. Intine nek kencot ya madang, nek ora ana panganan apa nyong mikir?? Trus nyong kudu koprol karo ngomong WOW kaya kuwe??

5. Salah posisi turu
Kiye bisa dadi sebab koe ora teyeng turu, Salah posisi misale, sirahmu neng ngisor, sikilmu neng nduwur. Nah, nek posisi kaya kiye biasane sih angel turu. Salah posisi liane contone, posisi turu ora neng kamar, tapi neng WC, kiye ya biasane gawe angel turu.



Nah, nek lagi ora teyeng turu trus kepriwe carane? Tenang, tek wei tips ben cepet turu:
1. Cepetan olih pacar, nek bisa mbengi kiye kudu olih pacar pokoke. Metu ngumah, ana tukang bakso / tukang sate, tembak, jaluk dadian. Cepetan..!!
2. Olahraga. Biasane nek bar olahraga, awake kesel, dadi gampang ngantuk. Nah, koe siki metu ngumah, muteri alun-alun / GOR ping pitu. Di jamin dengkulmu linu.
3. Nginum susu. Susu bisa gawe mata ngantuk. Tapi sing akeh sih, "susu" kuwe gawe mata melek.. #uteke!. Nek ora duwe susu, jajal kowe maring kandang wedhus mburi umah kae. Peres bae susune, paling di dupak.
4. Ngrungokna lagu. Lagu bisa gawe ati tentrem, suara lembute bisa gawe ngantuk. Nek perlu studio rekaman di gawa sisan meng kamarmu sisan karo penyanyi2 ne. Ben mantep.
5. Maca buku. Maca buku bisa gawe mata kesel (lelah). Suwe-suwe ngantuk. Sing penting aja buku porno, ngantuk ora, malah sidane tuku sabun nggo ngalkun. #kode
6. Sing terakhir, nek koe kepengin turu, aja maca tulisan kiye. Nek koe esih maca, tandane koe esih urung turu.

Wis semene disit gole crita, kapan2 di sambung maning.
Kuwe mau bab insomnia. Smoga bae ana manfaate/ Kayane sih ora.
Ora urusan, ora urunan, ora duwe duit!

ttd
Daplun Singadimeja Mangkuwanitalima Wudasedaya. #makjleb